11 Talere Benyamin iku katiban undhi miturut gotrahe, dene tlatahing panduman kang diundhekake iku prenahe ana ing antarane bani Yehuda lan bani Yusup.
Senapati Yusak banjur nguncalake undhi kanggo wong-wong mau ana ing Silo ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sarta tanahe didum-dum Sang Yusak kanggo Israel ana ing kono miturut pandumane dhewe-dhewe.
Watese ing sisih lor wiwit ing bengawan Yarden, nuli munggah ing ereng-ereng gunung salore Yerikho, munggah mangulon menyang ing pagunungan lan ngener menyang ing ara-ara samun Bet-Awen.