YUSAK 18:10 - Kitab Sutji10 Senapati Yusak banjur nguncalake undhi kanggo wong-wong mau ana ing Silo ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sarta tanahe didum-dum Sang Yusak kanggo Israel ana ing kono miturut pandumane dhewe-dhewe. Faic an caibideil |
Iku kudu sira bage dadi tanah-pusaka ana ing antaranira kabeh lan ana ing antarane para wong manca kang padha manggon ana ing tengahira, kang padha anak-anak ing satengahira, sarta iku kudu sira rengkuh padha kayadene wong Israel asli; iku iya kudu oleh bagean tanah pusaka ana ing satengahe suku-suku Israel.
Wong mau tumuli padha tata-tata lan banjur mangkat. Lungane mau kambi nyatheti kaanane nagara iku kaya sapiwelinge Senapati Yusak, kang mangkene: “Padha mangkata, nagara iku dlajahana lan cathetana kaanane, banjur padha balia mrene nuli aku bakal nguncalake undhi kanggo kowe ana ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing Silo kene.”