Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 18:1 - Kitab Sutji

1 Wong Israel saumat kabeh banjur padha nglumpuk ana ing Silo sarta ngadegake Tarub Pasewakan ana ing kono, amarga nagara iku wus katelukake.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 18:1
26 Iomraidhean Croise  

Ingsun ora nate manggen ana ing omah wiwit Ingsun ngluwari Israel saka ing tanah Mesir, nganti saprene, nanging Ingsun tansah lelana ana ing kemah minangka padalemaningSun.


Sang Prabu Yerobeam banjur ngandika marang kang garwa: “Tata-tataa, nyamura laku cikben ora kasumurupan ing wong, manawa kowe iku garwane Prabu Yerobeam sarta mangkata menyang Silo. Nabi Ahia rak ana ing kana! Iku kang wus meca bab aku, manawa aku bakal jumeneng dadi ratune bangsa iki.


Garwane Sang Prabu Yerobeam iya tumuli nindakake mangkono. Sawuse tata-tata nuli tindak menyang ing Silo sarta banjur lumebet ing daleme Nabi Ahia. Nabi Ahia wus ora bisa mirsani maneh, amarga paningale wus tidha-tidha jalaran wus sepuh.


Imam Abyatar banjur kapecat dening Sang Prabu Suleman saka ing kalenggahane anggone dadi imame Sang Yehuwah, satemah katetepan pangandikane Sang Yehuwah, kang kadhawuhake tumrap turune imam Eli ana ing Silo.


Turunipun wau lajeng sami lumebet ing tanah punika sarta dipun ejegi lan tiyang ingkang ngenggeni, inggih punika tiyang-tiyang Kanaan sami Paduka telukaken wonten ing ngajenganipun, sami kaparingaken dhateng ing tanganipun, dalasan para rajanipun tuwin sakathahipun bangsa ing tanah ngriku, supados kadamela ing sapikajengipun.


mulane nilar padalemane ing Silo, tarub kang wus didalemi ana ing antarane manungsa;


mungsuh-mungsuhe padha digebag temah padha mundur, padha kadamel nandhang wirang ing salawase.


temah Ingsun bakal ndadekake omah iki kaya Silo, lan kutha iki dadi ipat-ipat tumrap sakehing bangsa ing salumahing bumi.”


Yagene kowe meca demi asmane Sang Yehuwah, kalawan kandhamu: Omah iki bakal padha kaya Silo lan kutha iki bakal dadi jugrugan, temah ora ana kang manggon ing kono maneh?” Lah rakyat kabeh nuli padha nglumpuk ngrubung Nabi Yeremia ana ing padalemane Sang Yehuwah.


ana wong saka Sikhem, Silo lan Samaria, cacahe wolung puluh, kang padha cukur jenggot, panganggone rowak-rawek, lan awake pating glaret; wong iku padha nggawa kurban dhaharan lan menyan arep disaosake ana ing padalemane Sang Yehuwah.


satemah nagara iku wus teluk ana ing ngarsane Sang Yehuwah, dadine manawa besuk kowe padha mulih, kowe wus padha luwar saka kawajibanmu marang Sang Yehuwah lan marang Israel, sarta tanah kene iki masthi dadi duwekmu ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah.


Tarub wau tinampen dening leluhur kita sarta lajeng kabekta lumebet dhateng ing tanah punika kalayan katuntun dening Yusak, inggih punika nalika tanah punika karebat saking bangsa-bangsa sanes, ingkang kakesahaken dening Gusti Allah saking sangajenging leluhur kita; makaten ngantos dumugi jamanipun Sang Prabu Dawud.


Ing nalika samana ing antarane Banisrael isih ana pitung taler kang durung oleh panduman tanah-pusaka.


Wong mau tumuli padha tata-tata lan banjur mangkat. Lungane mau kambi nyatheti kaanane nagara iku kaya sapiwelinge Senapati Yusak, kang mangkene: “Padha mangkata, nagara iku dlajahana lan cathetana kaanane, banjur padha balia mrene nuli aku bakal nguncalake undhi kanggo kowe ana ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing Silo kene.”


Iku mau tanah-pusaka kang padha didum-dumake sarana kaundhi ana ing Silo dening Imam Eleazar lan Senapati Yusak, bin Nun sarta para panggedhening taler ana ing ngarsane Sang Yehuwah, ing ngarepe lawang Tarub-Pasewakan. Mangkono anggone padha ngrampungake pangeduming nagara iku.


Nuli padha matur marang panjenengane ana ing Silo tanah Kanaan mangkene: “Sang Yehuwah sampun paring dhawuh lumantar Nabi Musa, supados kula kaparingana kitha-kitha ingkang sami kula enggeni, dalah pangenanipun kangge raja-kaya kula.”


Wong Israel bareng krungu warta mangkono, tumuli padha nglumpuk ana ing Silo, sumedya nglurugi perang.


Dene menawa tanah darbekmu iku kadunungan najis, mara ta padha nyabranga menyang ing tanah kagungane Sang Yehuwah, ing panggonaning Tarub Sucine Sang Yehuwah, lan padha manggona ana ing tengahku kana. Mung bae aja mbalela marang Sang Yehuwah, lan iya aja mbalela marang aku kabeh kanthi gawe misbyah kanggo awakmu dhewe, kejaba saka misbyah kagungane Sang Yehuwah Gusti Allah kita.


Mangkono dadine bani Ruben, bani Gad tuwin separoning taler Manasye mau padha bali mulih, ninggal wong Banisrael, mangkat saka ing Silo ing tanah Kanaan menyang tanah Gilead, kang wus dadi darbeke lan wus dienggoni ngetrepi dhawuhe Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa.


Kaya mangkono anggone reca ukir-ukiran gaweane Mikha iku kaadegake lan reca iku ana ing kono, sasuwene padalemane Gusti Allah ana ing Silo.


Anadene panunggalane wong ing Yabesy-Gilead tinemu ana bocahe wadon patang atus kang padha isih prawan, kang durung tau tunggal turu karo wong lanang, iku padha digawa menyang pakemahan ing Silo, kang kaprenah ana ing tanah Kanaan.


Ing kono banjur ana kang duwe rembug mangkene: “Lah saben taun ing Silo rak ana pahargyan riyaya sumaos marang Sang Yehuwah ana ing salore Betel, sawetane dalan gedhe saka Betel menyang ing Sikhem lan ing sakidule Lebona.”


Sawuse wong wadon iku nyapih anake, anake iku banjur diajak, kanthi nggawa sapi lanang kang umur telung taun, glepung saefa, lan anggur saimpes, iku banjur disaosake menyang ing padalemane Sang Yehuwah, ing Silo. Ing wektu semana bocahe isih cilik banget.


Wong iku saben taun lelungan saka ing kuthane arep munggah manembah lan saos kurban marang Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi ing Silo. Kang dadi imaming Sang Yehuwah ana ing kono yaiku putrane Imam Eli, Hofni lan Pinehas.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan