YUSAK 17:5 - Kitab Sutji5 Mulane taler Manasye oleh sepuluh panduman, liya saka tanah Gilead lan tanah Basan kang ana ing sabrange bengawan Yarden. Faic an caibideil |
Iku padha marak marang ing ngarsane Imam Eleazar lan marang ing ngarsane Senapati Yusak bin Nun sarta ing ngarsane para panggedhe, ature: “Sang Yehuwah sampun dhawuh dhateng Nabi Musa supados kula sami kaparingana tanah-pusaka wonten ing satengahing sanak-sadherek kula.” Mulane anake wadon Zelafehad mau banjur padha diparingi tanah-pusaka ana ing satengahe para sadulure bapakne, condhong karo dhawuhe Sang Yehuwah.
Anadene mungguh talere Manasye kang separo iku wus padha diparingi panduman dening Nabi Musa ana ing tanah Basan; dene separone wus diparingi panduman dening Senapati Yusak ana ing antarane para sadulure ing sakulone bengawan Yarden. Iku wus uga dililani mulih menyang ing kemahe dening Senapati Yusak kalawan padha disangoni berkah,