Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 17:4 - Kitab Sutji

4 Iku padha marak marang ing ngarsane Imam Eleazar lan marang ing ngarsane Senapati Yusak bin Nun sarta ing ngarsane para panggedhe, ature: “Sang Yehuwah sampun dhawuh dhateng Nabi Musa supados kula sami kaparingana tanah-pusaka wonten ing satengahing sanak-sadherek kula.” Mulane anake wadon Zelafehad mau banjur padha diparingi tanah-pusaka ana ing satengahe para sadulure bapakne, condhong karo dhawuhe Sang Yehuwah.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 17:4
9 Iomraidhean Croise  

Nalika samana para anake wadon Zelafehad bin Hefer bin Gilead bin Makhir bin Manasye, kalebu turune Manasye putrane Rama Yusuf – para anake wadon iku jenenge: Makhla, Noa, Hogla, Milka lan Tirza, –


Kenging punapa dene bapa kula kedah sirna saking golonganipun, margi boten tilar anak jaler? Kula mugi sami kaparingana siti wonten ing antawisipun sadherekipun bapa kula.”


Anadene anak-anake wadon Zelafehad iku padha ngestokake apa sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa mau;


Ing bab iki ora ana wong Yahudi utawa wong Yunani, ora ana batur tukon utawa wong mardika, ora ana lanang utawa wadon, awit kowe kabeh padha dadi siji ana ing Sang Kristus Yesus.


Iki kabeh kang ditampani wong Israel minangka tanah-pusakane ana ing tanah Kanaan, kang wus kaedumake marang wong Israel dening Imam Eleazar lan Senapati Yusak bin Nun sarta para panggedhening kulawargane taler-talere,


Mulane taler Manasye oleh sepuluh panduman, liya saka tanah Gilead lan tanah Basan kang ana ing sabrange bengawan Yarden.


Para panggedhening kulawargane wong Lewi banjur padha sowan ing ngarsane Imam Eleazar lan ing ngarsane Senapati Yusak, bin Nun sarta marang ing ngarsane para kepalaning kulawargane taler-taler Israel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan