Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 17:18 - Kitab Sutji

18 Nanging pagunungan iku dadia darbekmu, mung sarehne wujud alas, mulane babadana, nganti tekan ing poncot-poncote pisan bakal dadi duwekmu, amarga bangsa Kanaan iku sanadyan padha duwe kareta wesi lan padha santosa, ewadene iya mesthi bakal bisa koktundhung uga.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 17:18
18 Iomraidhean Croise  

nanging panahe tetep kuwat, lan tangane padha tetep cukat marga saka pitulungane Kang Mahasantosa, Pangayomane Yakub, marga saka pangone Gunung Parange Israel,


Wadyabala banjur mangkat menyang ing ara-ara nempuh marang bala Israel lan campuhing perang ana ing alas Efraim.


Kang iku apa kang bakal kita gunem tumrap kabeh mau? Manawa Gusti Allah ana ing pihak kita, sapa kang bakal nglawan kita?


Nanging mungguhing bab iku mau kabeh, kita padha ngungkuli wong kang padha menang, jalaran saka Panjenengane kang wus ngasihi kita.


Pambareping sapine kang dadi kaluhurane, lan sungune kaya sungune bantheng; iku bakal digawe nyundhang bangsa-bangsa ing salumahing bumi, saka ing poncot tekan ing poncot. Yaiku wong Efraim kang puluhan ewu lan wong Manasye kang ewon.”


Marga saka iku kanthi yakin kita bisa ngucap: “Gusti Allah kang mitulungi aku. Aku bakal ora wedi. Manungsa bisa manggawe apa marang aku?”


sakehing wong kang manggon ing pagunungan, wiwit saka ing gunung Libanon tutug ing Misrefot-Maim; sakehe wong Sidon, iku bakal Suntundhung piyambak saka ing ngarepe wong Israel; mung bae tanahe sira paringna marang wong Israel sarana kaundhi, kaya kang wus Sundhawuhake marang sira.


Saka ing pucake gunung mau watese mlengkung menyang ing sendhang Me-Neftoakh lan banjur tutug ing kutha-kuthane pagunungan Efron, saka ing kono mlengkung menyang ing Baala, iya iku ing Kiryat-Yearim.


Senapati Yusak tumuli ngandika marang bani Yusup, yaiku bani Efraim lan bani Manasye, dhawuhe: “Kowe iku akeh jiwamu lan gedhe karosanmu, mulane ora mung saundhian kang katemtokake kanggo kowe.


Wong Israel nuli nyengker kutha-kutha kang kadadekake kutha pangungsen, yaiku: Kadesy, ing tanah Galilea, ing pagunungan Naftali, lan Sikhem, ing pagunungan Efraim, lan Kiryat-Arba yaiku Hebron, ing pagunungan Yehuda.


Ana sawijining wong ing Ramataim-Zofim, ing pagunungan Efraim, jenenge Elkana bin Yeroham bin Elihu bin Tokhu bin Zuf, wong Efraim.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan