YUSAK 17:16 - Kitab Sutji16 Bani Yusup banjur matur: “Tanah pareden punika boten badhe nyekapi tumrap kula, tuwin sadaya tiyang Kanaan ingkang manggen wonten ing papan-papan wradin ngriku sami gadhah kareta tosan, inggih ingkang wonten ing Bet-Sean saha kitha-kitha wewengkonipun, inggih ingkang wonten lebak Yizreel.” Faic an caibideil |
Mulane, lah bakal tumeka ing titi-mangsane – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – Ingsun bakal damel anane surak ramening paprangan, nglawan Raba kuthane bani Amon. Kutha iku bakal dadi punthuk kang garing, lan kutha-kutha wewengkone bakal padha diobongi, dene Israel bakal ngebeki wong-wong kang biyen ndarbeni iku – mangkono pangandikane Sang Yehuwah. –
Nanging taler Manasye iya duwe dhaerah kang ana sajroning wilayahe Isakhar lan Asyer, iya iku: Bet-Sean dalah sakehe kutha-kutha wewengkone, Yibleam dalah sakehe kutha-kutha wewengkone, wong ing Dor sakutha-kuthane, wong En-Dor sakutha-kuthane, wong ing Taanakh sakutha-kuthane, apadene wong ing Megido sakutha-kuthane, dadi tlatah tengger telu iku.