bareng weruh yen papan palerenane kepenak lan negarane nyenengake, banjur mendhakake gegere nuli nggawa momotan, sabanjure dadi wong kang kena ing pagawean peksan.
Peperangane antarane kulawargane Prabu Saul lan kulawargane Prabu Dawud kelantur-lantur; Prabu Dawud sangsaya suwe sangsaya santosa, balik kulawargane Prabu Saul sangsaya ringkih.
yaiku wong-wong kang isih padha manggon ing nagara kono turune bangsa-bangsa mau lan kang ora bisa ditumpes dening Israel, iya wong-wong iku kang padha diklempakake dening Sang Prabu Suleman kadadekake abdi nyangga karya, mangkono iku nganti saprene.
Nanging bani Efraim padha ora nundhungi wong Kanaan kang manggon ana ing Gezer, dadine wong Kanaan iku padha isih manggon ana ing satengahe suku Efraim nganti saprene, mung bae padha dadi kuli njangga karya.
Malah padha mundhak-mundhaka ing sih-rahmat sarta ing pangawruh marang Gusti lan Sang Juruwilujeng kita, Gusti Yesus Kristus. Panjenengane kang sayogya kagungan kamulyan ing samengko nganti tumeka ing salawas-lawase.
Taler Zebulon ora nundhungi wong ing Kitron lan ing Nahalol, dadine wong Kanaan mau padha lestari manggon ana ing satengahe, sanajan padha didadekake wong nyangga karya.
Taler Naftali ora nundhungi wong ing Bet-Semes lan ing Bet-Anat, dadine padha manggon ana ing satengahe wong Kanaan, pendhudhuk asli ing nagara kono, nanging wong ing Bet-Semes lan ing Bet-Anat padha didadekake wong nyangga karya.
Lan wong Amori meksa padha nekad manggon ana ing Har-Heres, ing Ayalon lan ing Saalbim, sanadyan padha katindhes dening tedhake Sang Yusup, mulane padha didadekake wong kang nyangga karya.