yaiku wong-wong kang isih padha manggon ing nagara kono turune bangsa-bangsa mau lan kang ora bisa ditumpes dening Israel, iya wong-wong iku kang padha diklempakake dening Sang Prabu Suleman kadadekake abdi nyangga karya, mangkono iku nganti saprene.
Nanging wong Yebus kang padha manggon ing Yerusalem ora bisa padha katundhung, dadine wong Yebus mau padha manggon awor karo bani Yehuda ana ing Yerusalem nganti saprene.
Nanging bani Efraim padha ora nundhungi wong Kanaan kang manggon ana ing Gezer, dadine wong Kanaan iku padha isih manggon ana ing satengahe suku Efraim nganti saprene, mung bae padha dadi kuli njangga karya.