Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 17:11 - Kitab Sutji

11 Nanging taler Manasye iya duwe dhaerah kang ana sajroning wilayahe Isakhar lan Asyer, iya iku: Bet-Sean dalah sakehe kutha-kutha wewengkone, Yibleam dalah sakehe kutha-kutha wewengkone, wong ing Dor sakutha-kuthane, wong En-Dor sakutha-kuthane, wong ing Taanakh sakutha-kuthane, apadene wong ing Megido sakutha-kuthane, dadi tlatah tengger telu iku.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 17:11
22 Iomraidhean Croise  

Sang Prabu Dawud banjur tindak mundhut balung-balunge Sang Prabu Saul lan Pangeran Yonatan, kang putra, saka wong Yabesy-Gilead, kang padha nyolong balung-balung iku saka ing ara-ara ing Bet-San, ing panggonane anggone padha digantung dening wong Filisti, nalika wong Filisti padha ngasorake perange Prabu Saul ana ing Gilboa.


Anadene anggone para wong nyangga karya kaklempakake dening Sang Prabu Suleman iku mangkene: Wong mau padha diklempakake kagem yasa padalemaning Pangeran Yehuwah, kadhatoning Sang Prabu, beteng Milo lan temboke kutha Yerusalem sarta uga didhawuhi nyantosani kutha Hazor, Megido lan Gezer –


Bareng Sang Prabu Ahazia, ratu ing Yehuda, mirsa kang mangkono iku, iya banjur lumajeng miyos ing dalan kang anjog ing Bet-Hagan, nanging banjur dibujeng dening Sang Prabu Yehu kalawan dhawuh: “Iku iya panahen!” Para prajurite nuli padha nglepasake panahe marang panjenengane ana ing kreta titihane, pinuju ana ing unggah-unggahan ing Gur ing sacedhake Yibleam. Sang Prabu Ahazia tumuli lumajeng ngungsi menyang ing Megido lan seda ana ing kono.


Sarta saka suku Manasye kang saparone mau: Aner dalah pangonan-pangonane, lan Bileam dalah pangonan-pangonane. Dadi kutha-kutha mau diwenehake marang gotrah-gotrah saluwihe saka turune Rama Kehat.


lan kang atapel-wates karo bani Manasye: Bet-Sean dalah sawewengkone kabeh, Megido dalah sawewengkone kabeh, Dhor dalah sawewengkone kabeh. Para tedhake Rama Yusuf, putrane Rama Israel padha manggon ana ing dhaerah-dhaerah kono.


Nanging Sang Prabu Yosia ora karsa sumingkir saka ing ngarsane Sang Prabu Nekho, malah nyamur lampah arep nglawan perang marang panjenengane, dadine ora karsa migatosake marang pangandikane Sang Prabu Nekho, kang dadi pepengeting Allah; Sang Prabu Yosia banjur lumawan perang ana ing lebak Megido.


Sedaya punika sami kadamela kadosdene bangsa Midian, kados Sisera tuwin Yabin wonten ing sacelakipun lepen Kisyon,


Mulane, lah bakal tumeka ing titi-mangsane – mangkono pangandikane Sang Yehuwah, – Ingsun bakal damel anane surak ramening paprangan, nglawan Raba kuthane bani Amon. Kutha iku bakal dadi punthuk kang garing, lan kutha-kutha wewengkone bakal padha diobongi, dene Israel bakal ngebeki wong-wong kang biyen ndarbeni iku – mangkono pangandikane Sang Yehuwah. –


Ing wektu iku patangisan ing Yerusalem bakal kaya pangadhuhe Hadad-Rimon ana ing lebak Megido.


sarta marang para ratu kang ana ing sisih lor ing pagunungan, ing Araba-Yordan, ing sakidule Kinerot, ing Dhaerah Pagunungan lan ing tanah tengger Dor sisih kulon,


ratu ing nagara Taanakh siji, ratu ing nagara Megido siji,


ratu ing nagara Dor, ing tanah pagunungan Dor siji, ratu ing nagara Goyim, ing Gilgal siji,


Sabanjure ana kutha-kutha kang ditetepake kanggo bani Efraim ana ing satengahe tanah-pusakane bani Manasye, kutha-kutha mau dalah desa-desane.


Kang sisih kidul melu Efraim, kang sisih lor melu Manasye, dene kang dadi watese segara; ing sisih lor tunggal wates karo Asyer, lan ing sisih wetan karo Isakhar.


Bani Yusup banjur matur: “Tanah pareden punika boten badhe nyekapi tumrap kula, tuwin sadaya tiyang Kanaan ingkang manggen wonten ing papan-papan wradin ngriku sami gadhah kareta tosan, inggih ingkang wonten ing Bet-Sean saha kitha-kitha wewengkonipun, inggih ingkang wonten lebak Yizreel.”


Taler Manasye ora nundhungi wong ing Bet-Sean sawewengkone, wong ing Taanakh sawewengkone, wong ing Dhor sawewengkone, wong ing Yibleam sawewengkone tuwin wong ing Megidho sawewengkone, amarga wong Kanaan meksa padha nekad manggon ana ing tanah kono.


Para ratu padha nglurug lan nempuh perang, ing wektu iku para ratu ing Kanaan padha perang, ana ing sacedhake Taanakh ing sumbering kali Megidho, nanging padha ora oleh jarahan selaka.


Sang Prabu Saul banjur ngandika marang para punggawane: “Ingsun golekna wong wadon prewangan, ingsun bakal mrana lan mundhut pituduhe.” Para punggawane padha munjuk marang Sang Prabu: “Ing Endor wonten tiyang estri prewangan.”


Wasana gegamane Sang Prabu Saul didekek ana ing kabuyutane Asytoret lan layone dipantek ana ing baluwertine kutha Bet-Sean.


sakehing wong gagah prakosa padha tata-tata lan budhal bengi-bengi, njupuk layone Sang Prabu Saul tuwin putra-putrane saka baluwertine kutha Bet-Sean. Banjur bali mulih menyang Yabesy lan ngobong layon-layone ana ing kono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan