Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 17:1 - Kitab Sutji

1 Taler Manasye undhiane iya banjur oleh, amarga iku putra pambajenge Sang Adipati Yusup. Makhir pembarepe Manasye, bapakne Gilead, iku sarehne prajurit, mulane wus kaparingan tanah Gilead lan Basan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 17:1
20 Iomraidhean Croise  

Sang Yusuf maringi asma marang putrane kang pembajeng: Manasye, awit pangandikane: “Gusti Allah wus ndadekake aku lali marang sakabehe kasusahanku lan kulawargane bapakku.”


Dene kang nomer loro iku diparingi asma: Efraim, awit pangandikane: “Gusti Allah wus maringi anak marang aku ana ing nagaraning kasangsaranku.”


Sang Yusuf ana ing Mesir peputra Manasye lan Efraim, patutan karo Sang Putri Asnat putrane putri Sang Potifera imam ing On.


Bareng Sang Yusuf mirsa yen kang rama anggone numpangake astane tengen ana ing sirahe Efraim, iku kawawas kurang prayoga, mulane nyepeng astane kang ramane, arep dielih saka sirahe Efraim menyang sirahe Manasye.


Ature Sang Yusuf marang kang ramane: “Sampun makaten, rama, awitdene punika ingkang pembajeng, astanipun rama ingkang tengen mugi katumpangna ing sirahipun.”


Sang Yusuf menangi anak-putune Efraim nganti turun ketelu, karodene anak-anake Makhir, anake Manasye, laire padha ana ing pangkone Sang Yusuf.


sarta dijumenengake dadi ratune tanah Gilead, wong Asyuri, Yizreel, Efraim lan Benyamin, malah ngereh salaladane Israel kabeh.


Nanging Hawot-Yair banjur karebut dening Gesur lan Aram, samano uga Kenat lan desa-desa kang klebu ing wewengkone kono, gunggung padesan sawidak. Iku kabeh para turune Rama Makhir, ramane Gilead.


Mangkene pangandikane Pangeran Yehuwah: “Iki wates-watese tanah kang kudu sira bage-bage dadi tanah-pusakanira ing antarane suku Israel rolas, Yusuf tampa rong bagean.


Adu wates karo wilayahe Naftali, saka tapel-wates wetan nganti tapel-wates kulon, iku bageane Manasye.


Turune Rama Manasye miturut golongane, yaiku: kang saka Rama Makhir iku bani Makhir; lan Rama Makhir peputra Gilead; Rama Gilead iku nurunake bani Gilead.


Nalika samana para anake wadon Zelafehad bin Hefer bin Gilead bin Makhir bin Manasye, kalebu turune Manasye putrane Rama Yusuf – para anake wadon iku jenenge: Makhla, Noa, Hogla, Milka lan Tirza, –


Bani Gad lan bani Ruben sarta separone taler Manasye putrane Sang Yusuf, padha diparingi dening Nabi Musa: karajane Sang Prabu Sihon, ratune wong Amori, lan karajane Sang Prabu Og, ratu ing Basan, yaiku nagarane dalah kutha-kuthane nagara kono kabeh lan wewengkone kutha iku kabeh.


Anake somah kang ora ditresnani kang dadi pambarep iku diakonana lan kudu dipandumi warisan rong bagean saka saduweke kabeh, awitdene iku kang dadi wiwitaning kakuwatane, iya kang kebener nduweni wewenang pembarep.”


Mulane turune Manasye liyane padha oleh panduman iku miturut gotrahe, yaiku kanggo bani Abiezer, bani Helek, bani Asriel, bani Sekhem, bani Hefer, lan bani Semida; iku turune lanang Manasye putrane Sang Yusup miturut gotrah-gotrahe.


Anadene mungguh talere Manasye kang separo iku wus padha diparingi panduman dening Nabi Musa ana ing tanah Basan; dene separone wus diparingi panduman dening Senapati Yusak ana ing antarane para sadulure ing sakulone bengawan Yarden. Iku wus uga dililani mulih menyang ing kemahe dening Senapati Yusak kalawan padha disangoni berkah,


Saka taler Efraim wong-wong kang manggon ing Amalek, padha mudhun menyang ing lebak, padha ngetutake kowe, heh, taler Benyamin klawan wadya-balamu. Saka suku Makhir kang tumurun para tetindhihing perang, lan saka taler Zebulon wong-wong kang padha nggawa teken kang kagawe nglumpukake wong.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan