Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 16:9 - Kitab Sutji

9 Sabanjure ana kutha-kutha kang ditetepake kanggo bani Efraim ana ing satengahe tanah-pusakane bani Manasye, kutha-kutha mau dalah desa-desane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 16:9
6 Iomraidhean Croise  

sarta dijumenengake dadi ratune tanah Gilead, wong Asyuri, Yizreel, Efraim lan Benyamin, malah ngereh salaladane Israel kabeh.


Tanah kagungane lan kang didalemi yaiku Betel dalah sawewengkone kabeh, Naaran ing sisih wetan, lan Gezer dalah sawewengkone kabeh ing sisih kulon, banjur Sikhem dalah sawewengkone kabeh sarta Aya dalah sawewengkone kabeh,


Adu wates karo wilayahe Manasye, saka tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, iku wilayahe Efraim.


Nanging bani Efraim padha ora nundhungi wong Kanaan kang manggon ana ing Gezer, dadine wong Kanaan iku padha isih manggon ana ing satengahe suku Efraim nganti saprene, mung bae padha dadi kuli njangga karya.


Saka ing Tapuah wates iku banjur mangulon menyang ing kali Kana lan anjog ing sagara. Iku tanah-pusakane taler Efraim miturut gotrahe.


Wates mau banjur medhun menyang ing kali Kana, ing sakidule kali iku; dene kutha-kutha ing kono iku padha melu Efraim sanadyan ana ing tengah-tengahe kutha-kuthane Manasye; watese tlatahe Manasye nuli metu ing saloring kali, anjog ing segara.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan