YUSAK 16:7 - Kitab Sutji7 medhun saka ing Yanoah menyang ing Atarot lan Naharat notog ing dhaerah Yerikho lan banjur menyang ing bengawan Yarden. Faic an caibideil |
banyu kang mili saka ing dhuwur banjur mambeg. Banyu kang mili saka ing dhuwur angendhukur dadi bendungan, dawa banget nganti tekan ing sacedhake kutha Adam, kang kaprenah ana ing sisihe Sartan; dene banyu kang mili menyang ing Segara Araba, yaiku Segara Asin, iku pedhot babar pisan. Bangsa Israel tumuli padha nyabrang prenahe ana ing ngarepe kutha Yerikho.
Ing nalika samana Sang Senapati Yusak asupaos pangandikane: “Wong kang bakal tumandang mbangun kutha Yerikho iki, kenaa ing laknat ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah; anggone masang tetalese kutha kalawan masrahake anake pambarep lan anggone ngadegake gapurane kalawan masrahake nyawane anake wuragil!”