3 banjur mudhun mangulon menyang ing tlatahe wong Yaflet, tutug ing tlatah Bet-Horon ing lebak lan sateruse nganti tekan ing Gezer, lan anjog ing segara.
Sawuse mangkono tuwuh peperangan nglawan wong Filisti ana ing Gezer; ing nalika iku Sibkhai, wong ing Husa, mateni Sipai, panunggalane wong turuning wong gedhe dhuwur ngedab-edabi, iku padha ditelukake.
Tanah kagungane lan kang didalemi yaiku Betel dalah sawewengkone kabeh, Naaran ing sisih wetan, lan Gezer dalah sawewengkone kabeh ing sisih kulon, banjur Sikhem dalah sawewengkone kabeh sarta Aya dalah sawewengkone kabeh,
Prabu Horan, ratu ing Gezer banjur rawuh karsa mbiyantu kutha Lakhis, nanging disedani dening Senapati Yusak dalah rakyate, nganti ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat.
Saka ing kono watese terus menyang ing Lus, mangidul, ngener ing ereng-erenging gunung ing sacedhake Lus, yaiku ing Betel; nuli watese medhun menyang ing Atarot-Adar ing pagunungan kang ana ing sakidule Bet-Horon ing lebak,
Grombolan kang kapindho metu ing Bet-Horon lan grombolan kang sijine maneh metu ing dalan menyang ing tapel-wates kang madhep marang lebak Zeboim, penere pasamunan.