Bareng Sang Prabu wus rawuh ing pucak, ing panggonane wong padha nyembah sujud marang Gusti Allah, Husai, wong ing Arki, teka methukake Sang Prabu, nganggo jubah rowak-rawek lan sirahe kawur-wuran lemah.
Tanah kagungane lan kang didalemi yaiku Betel dalah sawewengkone kabeh, Naaran ing sisih wetan, lan Gezer dalah sawewengkone kabeh ing sisih kulon, banjur Sikhem dalah sawewengkone kabeh sarta Aya dalah sawewengkone kabeh,
Saka ing kono watese terus menyang ing Lus, mangidul, ngener ing ereng-erenging gunung ing sacedhake Lus, yaiku ing Betel; nuli watese medhun menyang ing Atarot-Adar ing pagunungan kang ana ing sakidule Bet-Horon ing lebak,