Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 16:10 - Kitab Sutji

10 Nanging bani Efraim padha ora nundhungi wong Kanaan kang manggon ana ing Gezer, dadine wong Kanaan iku padha isih manggon ana ing satengahe suku Efraim nganti saprene, mung bae padha dadi kuli njangga karya.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 16:10
12 Iomraidhean Croise  

Anadene anggone para wong nyangga karya kaklempakake dening Sang Prabu Suleman iku mangkene: Wong mau padha diklempakake kagem yasa padalemaning Pangeran Yehuwah, kadhatoning Sang Prabu, beteng Milo lan temboke kutha Yerusalem sarta uga didhawuhi nyantosani kutha Hazor, Megido lan Gezer –


Sabab Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir, wus majeng perang lan ngrebat kutha Gezer, kang banjur kaobong sarta para wong Kanaan kang manggon ing kono padha dipateni. Sawuse mangkono kutha mau nuli kaparingake marang putrane putri, garwane Sang Prabu Suleman, minangka ganjaran nalika kramane;


yaiku wong-wong kang isih padha manggon ing nagara kono turune bangsa-bangsa mau lan kang ora bisa ditumpes dening Israel, iya wong-wong iku kang padha diklempakake dening Sang Prabu Suleman kadadekake abdi nyangga karya, mangkono iku nganti saprene.


yaiku turune para bangsa kang isih padha manggon ana ing nagara kono, kang ora kasirnakake dening wong Israel iku padha diklempakake dening Sang Prabu Suleman, kadadekake wong nyangga karya; kaya mangkono iku nganti saprene.


Prabu Horan, ratu ing Gezer banjur rawuh karsa mbiyantu kutha Lakhis, nanging disedani dening Senapati Yusak dalah rakyate, nganti ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat.


Nanging wong Yebus kang padha manggon ing Yerusalem ora bisa padha katundhung, dadine wong Yebus mau padha manggon awor karo bani Yehuda ana ing Yerusalem nganti saprene.


Sabanjure ana kutha-kutha kang ditetepake kanggo bani Efraim ana ing satengahe tanah-pusakane bani Manasye, kutha-kutha mau dalah desa-desane.


Nanging wong trahe Manasye padha ora kwagang ngrayud kutha-kutha iku mau, sabab wong Kanaan nekad padha manggon ana ing kono.


Anadene bareng wong Israel wus dadi santosa, wong Kanaan mau padha didadekake kuli nyanga karya, mung bae ora nganti ditundhung.


Taler Efraim uga ora nundhungi wong Kanaan kang manggon ana ing Gezer, dadine wong Kanaan mau padha lestari manggon ana ing satengahe ana ing Gezer.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan