9 Saka ing pucake gunung mau watese mlengkung menyang ing sendhang Me-Neftoakh lan banjur tutug ing kutha-kuthane pagunungan Efron, saka ing kono mlengkung menyang ing Baala, iya iku ing Kiryat-Yearim.
Sang Prabu Dawud nuli cecawis lan banjur tindak saka Baale-Yehuda, kadherekake sakehe para kawula, karsane arep ngusung pethine Allah, kang sinebut kalawan asmane Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi, kang lenggah ing dhampar ing sadhuwure kerubim.
Sang Prabu Dawud banjur tindak menyang ing Baala, ing Kiryat-Yearim, kang klebu wilayah Yehuda, kadherekake dening wong Israel kabeh, arsa mboyong pethining Allah saka ing kana, kang disebut nganggo asmane Pangeran Yehuwah kang adhedhampar ing sandhuwure kerubim.
Amarga bareng wong Israel wus padha budhalan, ing telung dinane padha tekan ing kutha-kuthane wong-wong mau; dene kuthane yaiku: Gibeon, Kefira, Beerot lan Kiryat-Yearim.
Banjur padha mangkat lan tumuli makuwon ana ing sacedhake. Kiryat-Yearim ing tanah Yehuda. Mulane panggonan kono iku nganti saprene karan Mahane-Dhan; prenahe ana ing sakulone Kiryat-Yearim.
Tumuli padha kongkonan marani wong ing Kiryat-Yearim karo diweling mangkene: “Para wong Filisti wis ngulihake pethine Sang Yehuwah; padha tekaa lan pethine gawanen menyang panggonanmu.”