Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 15:7 - Kitab Sutji

7 Sabanjure wates iku munggah saka ing lebak Akhor marang ing Debir, menggok mangalor ngener ing Gilgal, ing penere unggah-unggahan ing Adumim, sakiduling kali, nuli terus menyang ing sendhang En-Semes lan metu ngener ing sendhang En-Rogel.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 15:7
13 Iomraidhean Croise  

Anadene Yonatan lan Ahimaas ngenteni ana ing En-Rogel lan saben-saben ana abdi wadon kang teka aweh warta, iku banjur padha diaturake marang Sang Prabu Dawud, mulane mangkono, amarga aja nganti konangan, yen mlebu kutha.


Sawuse mangkono Pangeran Adhonia banjur ngunjukake wedhus gembel, sapi lan kewan lemon minangka kurban ana ing sacedhake watu Zohelet kang kaprenah ing sandhinge En-Rogel, nuli ngulemi sakehing sadhereke, para putrane Sang Prabu lan sakehing wong Yehuda, punggawane Sang Prabu,


Saron bakal dadi pangonaning wedhus lan lebak Akhor dadi plegunganing sapi, tumrap umatingSun kang ngupaya Ingsun.


Mulane lah dalane bakal Sunpasangi sangkrah eri, sarta wong iku bakal Sunpageri tembok mubeng, satemah ora bisa nemu dalan-dalane.


Sawuse mangkono Senapati Yusak banjur kondur menyang ing pakemahan ing kutha Gilgal, kadherekake dening wong Israel kabeh.


Saka ing kono Rama Kaleb banjur nglurugi bangsa Debir, Jeneng Debir iku maune Kiryat-Sefer.


Banjur munggah tutug ing Bet-Hogla tumuli ngliwati sisih lore Bet-Araba, munggah maneh tutug ing watu Bohan, bin Ruben.


Tumuli nekuk mangalor ngener ing En-Semes, banjur menyang ing Gelilot, ing sisih kanane unggah-unggahan ing Adumim, nuli medhun menyang ing watu Bohan bin Ruben,


Bangsa mau anggone mentas saka ing bengawan Yarden mbeneri tanggal ping sepuluh sasi kapisan; banjur padha lereb ana ing Gilgal, ing tapel-watese Yerikho kang sisih wetan.


Senapati Yusak lan wong Israel kabeh tumuli padha nyekel Akhan bin Zerah sarta selakane, jubahe kang endah lan mase salonjor mau, dalah anake lanang lan wadon, sapine, kuldine lan wedhuse, apadene kemahe lan saduwek-duweke kabeh, banjur digawa menyang ing lebak Akhor.


Sawuse iku ing dhuwure diadegi tumpukan watu gedhe-gedhe kang isih nganti saprene. Mulading bebendune Sang Yehuwah banjur sirep. Mulane panggonan kono katelah lebak Akhor nganti tumeka ing dina iki.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan