Dene Hebron iku biyen jenenge Kiryat-Arba; Arba iku arane wong kang linuwih gedhene ana ing antarane wong Enak. Lan nagara iku banjur tentrem, wus ora ana perang.
Anadene Rama Kaleb bin Yefune iku diparingi dening Sang Yusak panduman ana ing tengahe bani Yehuda, yaiku Kiryat-Arba, ngetrepi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Yusak; Arba iku bapakne Enak, yaiku Hebron.