Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 15:47 - Kitab Sutji

47 Asdod karo sakehe kutha lan desa-desa wewengkone, Gaza karo sakehe kutha lan desa wewengkone, nganti tutug ing kali ing tanah Mesir, ing Sagara Gedhe lan pasisire.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 15:47
17 Iomraidhean Croise  

Nanging sapunika Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kula, sampun maringi katentreman dhumateng kula wonten ing pundi-pundi, sampun boten wonten mengsah malih saha boten wonten kasangsaran malih ingkang tumempuh.


Iya Sang Prabu Hizkia iku kang ngawonake wong Filisti nganti tekan ing Gaza lan nyirnakake dhaerahe, iya panggung-panggunging pajagan lan iya kutha-kuthane beteng.


Sang Prabu nglurug perang nglawan wong Filisti lan nggempur tembok Gat, Yabne sarta Asdod, banjur ngedegake kutha-kutha ana ing sakubenge Asdod tuwin ing wilayahe wong Filisti liyane.


Ingsun bakal nemtokake tapel-watese tanahira yaiku wiwit sagara Teberau tekan ing sagara Filisti, lan saka ing pasamunan tekan ing bengawan Efrat, awitdene sakehing wong ing nagara kono bakal Sunulungake marang ing tanganira, supaya padha sira tundhung saka ngarepira.


Pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Yeremia tumrap bangsa Filisti, sadurunge Sang Pringon nelukake Gaza.


Gaza wis dadi gundhul, Askelon wis meneng cep. He Asdod, kekarene wong Enak, isih sapira suwene anggonira mbeleki awakira?


Anadene Gaza bakal ditinggal ing wong, lan Askelon dadi sepi; ing wayah tengange para kang manggon ing Asdod bakal katundhungan sarta Ekron bakal kaobrak-abrik.


Tumuli ana sawijining malaekating Pangeran kang ngandika marang Sang Filipus, mangkene: “Ngadega, lan mangkata mangidul metu ing dalan kang mudhun saka ing Yerusalem menyang ing kutha Gaza.” Dalan iku sepi. Sang Filipus banjur tindak.


Uga wong Awi, kang padha manggon ing desa-desa nganti tekan ing Gaza, iku padha dibengkas dening wong Kaftor, kang pinangkane saka ing Kaftor; wong Kaftor iku nuli padha manggon ana ing kono nggenteni bangsa mau.


Ora ana bangsa Enak kang isih ana ing nagarane wong Israel, kejaba mung kang ana ing Gaza, ing Gat lan Asdod, ing kono kang isih ana.


wiwit saka kali Sikhor ing sawetane tanah Mesir tutug ing tlatah Ekron mangalor, – iku kaetung tanahe wong Kanaan; – panggedhene wong Filisti iku lima, yaiku ing Gaza, Asdod, Askelon, Gad lan Ekron, – apadene bangsa Awi


terus menyang ing Azmon sarta metu ing kaline tanah Mesir, pungkasane pantog ing sagara iya iku kang dadi watesmu sisih kidul.


Wiwit saka Ekron nganti tutug ing sagara, sakehe panggonan sandhing Asdod lan desa-desane;


Anamaneh ing pagunungan, yaiku: Samir, Yatir, Sokho,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan