Ingsun bakal numpes para kang manggon ing Asdod, sarta kang nyekel tekening karajan ing Askelon, apadene astaningSun bakal nempah marang Ekron, tekan kekarane wong Filisti bakal padha tiwas kabeh,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.
Anadene Gaza bakal ditinggal ing wong, lan Askelon dadi sepi; ing wayah tengange para kang manggon ing Asdod bakal katundhungan sarta Ekron bakal kaobrak-abrik.
wiwit saka kali Sikhor ing sawetane tanah Mesir tutug ing tlatah Ekron mangalor, – iku kaetung tanahe wong Kanaan; – panggedhene wong Filisti iku lima, yaiku ing Gaza, Asdod, Askelon, Gad lan Ekron, – apadene bangsa Awi
wates mau nuli mangalor menyang ing ereng-erenge gunung Ekron, terus mlengkung menyang ing Sikhron terus menyang ing gunung Baala lan metu ing sacedhake Yabneel, temahan wates mau anjog ing sagara.
Wong-wong iku tumuli padha ngusung pethine Gusti Allah menyang Ekron. Nanging satekane pethine Gusti Allah ing Ekron, wong ing kono padha sesambat, pangucape: “Anggone marakake pethine Gusti Allahe Israel marang kita iku supaya mateni kita lan bangsa kita.”
Dene pepethaning wudun emas kang disaosake wong Filisti marang Sang Yehuwah minangka tebusaning kaluputan: saka Asdod siji, saka Gaza siji, saka Askelon siji, saka Gat siji, saka Ekron siji.