Kaya mangkono anggone bangsa Edom mbalela lan banjur uwal saka ing pangwasane Yehuda nganti ing saiki. Sawuse iku Libna uga mbalela, iya dhek jaman samana iku.
Sawuse mangkono Senapati Yusak nglajengake pangluruge kadherekake dening wong Israel kabeh, saka ing kutha Makeda menyang ing Libna, banjur nempuh perang nglawan Libna.