Ing dina iku Sang Yehuwah damel prasetyan karo Rama Abram, pangandikane: “Turunira bakal Sunparingi tanah iki, wiwit saka kali ing Mesir nganti tekan ing bengawan gedhe Efrat,
Sang Prabu Suleman ing wektu iku uga banjur nganakake pahargyan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, lawase pitung dina, bebarengan karo wong Israel kabeh, sawijining pasamuwan kang gedhe wiwit ing dalan lumebu marang Hamat nganti tekan ing kaline Mesir.
Ingsun bakal nemtokake tapel-watese tanahira yaiku wiwit sagara Teberau tekan ing sagara Filisti, lan saka ing pasamunan tekan ing bengawan Efrat, awitdene sakehing wong ing nagara kono bakal Sunulungake marang ing tanganira, supaya padha sira tundhung saka ngarepira.
Ing wektu iku Pangeran Yehuwah bakal nindakake pangrontogan wiwit saka ing bengawan Efrat nganti tekan ing kali Mesir, sarta kowe kabeh bakal padha dikumpulake siji-siji, he wong Israel!
wiwit saka kali Sikhor ing sawetane tanah Mesir tutug ing tlatah Ekron mangalor, – iku kaetung tanahe wong Kanaan; – panggedhene wong Filisti iku lima, yaiku ing Gaza, Asdod, Askelon, Gad lan Ekron, – apadene bangsa Awi
banjur ngliwati sisih kidule unggah-unggahan ing Akrabim, terus menyang Zin, nuli munggah menyang ing sisih kidule Kadesy-Barnea, terus menyang ing Hezron, banjur munggah menyang ing Adar, menggok menyang ing Karka,
Asdod karo sakehe kutha lan desa-desa wewengkone, Gaza karo sakehe kutha lan desa wewengkone, nganti tutug ing kali ing tanah Mesir, ing Sagara Gedhe lan pasisire.