Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 15:39 - Kitab Sutji

39 Lakhis, Bozkat, Eglon,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 15:39
11 Iomraidhean Croise  

Ing Yerusalem ana wong kang padha nganakake sekuthon nglawan panjenengane, mulane Sang Prabu lolos menyang ing Lakhis, nanging wong-wong mau iya banjur kongkonan ngoyak menyang ing Lakhis. Sang Prabu nuli disedani ana ing kono,


Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda, kintun utusan marang ing ngarsane Sang Nata ing Asyur kang ana ing Lakhis, kadhawuhan ngunjukake ature: “Kula sampun nindakaken kalepatan, Sang Prabu mugi karsaa jengkar saking nagari kula, punapa ingkang kabebahaken dening Sang Prabu dhateng kula, badhe kula sanggi.” Sang Nata ing Asyur banjur paring bebahan marang Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda, ngaturake telung atus talenta selaka lan telung puluh talenta emas.


Sawuse mangkono Sang Nata ing Asyur utusan senapatining perang, panggedhening kraton lan priyagung juru pangunjukan saka ing Lakhis, sowan marang Sang Prabu Hizkia ing Yerusalem, kalawan kadherekake wadya-bala gedhe. Iku banjur padha tindak menyang ing Yerusalem. Bareng wus rawuh ing kono, nuli padha kendel ana ing papan ing sacedhake ilen-ilening blumbang ndhuwur, kang ana ing dalan gedhe ing Ara-ara Tukang Penatu.


Bareng priyagung juru pangunjukan mau bali, ratu ing Asyur pinuju perang nglawan Libna; sabab wus mireng, manawa Sang Nata wus jengkar saka ing Lakhis.


Pangeran Yosia nalika jumeneng ratu iku yuswane wolung taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase telung puluh siji taun. Kang ibu asma Yedida, putri putrane Sang Adaya, saka ing Bozkat.


Mulane Prabu Adhoni-Zedhek, ratu ing Yerusalem mau utusan menyang ing ngarsane Prabu Hoham, ratu ing nagara Hebron, Prabu Piream, ratu ing Yarmut, Prabu Yafia, ratu ing Lakhis, lan Prabu Debir, ratu ing Eglon, pangandikane:


Senapati Yusak banjur nglajengake pangluruge kadherekake wong Israel kabeh saka Lakhis menyang ing Eglon: kutha iku banjur dikepung lan ditempuh ing prang.


Dilean, Mizpa, Yokteel,


Khabon, Lahmas, Khitlis,


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan