Sang Yismaya, wong Gibeon, sawijining gegedhug ing antarane wong telung puluh kasebut ing ngarep, kang manggedheni wong telung puluh; Sang Yirmiya, Yehaziel, Yohanan lan Sang Yozabad, wong Gedera;
Wong Israel lan wong Yehuda padha gumregah karo surak-surak lan banjur mbujeng wong Filisti nganti tekan ing sacedhake Gat lan gapurane Ekron. Lan wong kang padha dipateni saka panunggalane bangsa Filisti pating glimpang ana ing dalan kang anjog ing Saaraim, tekan ing Gat lan ing Ekron.