Wong Amalek lan wong Kanaan kang padha manggon ing pagunungan kono banjur padha mudhun lan nempuh marang wong-wong mau, temah padha keplayu nganti tutug ing Horma.
Pangeran Yehuwah nyembadani marang panyuwune Israel, wong Kanaan kelakon diulungake; wong-wonge dalah kutha-kuthane padha kasirnakake. Mulane panggonan iku dijenengake Horma.
Tumuli kowe padha dipethukake lan ditempuh dening bangsa Amori kang padha manggon ing pagunungan kono, sarta iku padha mburu kowe kaya tawon, ngalahake kowe saka ing Seir nganti tutug ing Horma.
Yehuda banjur mbiyantu pangluruge Simeon, sadulure, sarta padha ngesorake wong Kanaan, pendhudhuk ing Zefat, kutha iku katumpes. Mulane kutha mau banjur dielih arane: Horma.