Nuli Benaya bin Yoyadha anake wong gagah prakosa lan gedhe lelabetane, kang asale saka Kabzeel, wong iku mateni prawira agung loro saka Moab. Benaya iya tau nyemplung ing luweng lan mateni singa, nalika tibane udan salju.
Mungguh papan panggonan ing dhaerah pategalan bani Yehuda ana saperangan kang manggon ing Kiryat-Arba lan sawewengkone, ing Dibon lan sawewengkone sarta ing Yekabzeel lan desa-desane.
saka ing Yerusalem, saka ing tanah Idumea, saka ing sabrange bengawan Yarden, apadene saka ing tlatahe Tirus lan Sidon iya akeh kang padha sowan, awit wis padha krungu bab apa kang katindakake dening Panjenengane kabeh.
Undhian kang kapindho tumiba marang taler Simeon, yaiku talere bani Simeon miturut gotrahe, tanah-pusakane kaprenah ana ing tengah-tengahing tanah-pusakane bani Yehuda.