Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 15:2 - Kitab Sutji

2 watese kang kidul iku wiwit saka ing poncote Telaga Asin, saka ing teluk kang madhep mangidul,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 15:2
8 Iomraidhean Croise  

Para ratu iku padha sabiyantu lan ngempal ana ing lebak Sidim yaiku Segara Uyah.


Sang Yehuwah bakal ngesat teluk Mesir kalawan napase kang nggesengake, tuwin ngayatake astane marang bengawan Efrat, kang nuli kapupuh temah pecah dadi kali pitu, njalari wong banjur bisa liwat nganggo trumpah.


Ing sisih wetan: wiwit saka ing Hazar-Enon kang dumunung ing antarane Hauran lan Damsyik, bengawan Yarden dadi tapel-wates ing antarane Gilead lan tanah Israel, terus ngener ing Sagara Wetan nganti tekan ing Tamar. Iku ing sisih wetan.


Panjenengane ngandika marang aku: “Kali iki mili menyang ing wilayah wetan, lan mudhun menyang Araba-Yarden, lan mutah ing Sagara Asin; banyune kang asin banget iku banjur dadi tawa,


Anadene watese tanahira kang sisih kidul iku wiwit saka ing pasamunan Zin ing saurute tanah Edom; dadi watese kang sisih kidul iku ing sisih wetan wiwit ing pungkasane Tlaga Pauyahan.


Anadene panduman kang kaundhi kanggo taler Yehuda manut gotrahe iku nganti tekan ing tapel-watese tanah Edom, nganti tekan ing ara-ara samun Zin ing poncot kidul,


banjur ngliwati sisih kidule unggah-unggahan ing Akrabim, terus menyang Zin, nuli munggah menyang ing sisih kidule Kadesy-Barnea, terus menyang ing Hezron, banjur munggah menyang ing Adar, menggok menyang ing Karka,


banyu kang mili saka ing dhuwur banjur mambeg. Banyu kang mili saka ing dhuwur angendhukur dadi bendungan, dawa banget nganti tekan ing sacedhake kutha Adam, kang kaprenah ana ing sisihe Sartan; dene banyu kang mili menyang ing Segara Araba, yaiku Segara Asin, iku pedhot babar pisan. Bangsa Israel tumuli padha nyabrang prenahe ana ing ngarepe kutha Yerikho.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan