Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 15:19 - Kitab Sutji

19 Atur wangsulane Ibu Akhsa: “Kula nyuwun kaparingana ganjaran; kula sampun panjenengan paringi siti ingkang cengkar, nyuwun kaparingana sumber ugi.” Banjur diparingi sumber ing tenggeran lan ing ledhokan.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 15:19
8 Iomraidhean Croise  

Sawuse mangkono Rama Abram nglajengake tindake saya adoh menyang ing Tanah Negeb.


Bok inggih panjenengan karsa nampeni pisungsung kula ingkang sampun kaaturaken dhateng panjenengan punika, margi Gusti Allah sampun nandukaken sih kadarman dhateng kula, saha kula sampun karoban samukawis.” Bareng digubel-gubel Esap temahan gelem nampani.


Mulane dakpikir prelu, yen sadulur-sadulur iku dakpurih mangkat dhisik, supaya bisa ngurus dhisik paweweh kang wus dadi kasaguhanmu biyen, temahan mengko wus cumawis minangka tandha-buktine kamurahaning atimu lan dudu paweweh peksan.


Lan iki kang tumrap Yehuda, unjuke: “Dhuh Yehuwah, mugi miyarsakaken unjukipun Yehuda, saha mugi Paduka wangsulaken dhateng bangsanipun, asta Paduka mugi nyarirani perangipun, saha Paduka mugi karsaa mitulungi nglawan mengsahipun.”


Bareng Ibu Akhsa mau wus rawuh, sing kakung banjur diojok-ojoki supaya nyuwun pategalan marang ramane. Ibu Akhsa tumuli mandhap saka ing kuldine, Rama Kaleb ndangu: “Ana apa?”


Iki tanah pusakane taler Yehuda miturut gotrah-gotrahe.


Milanipun atur-atur ingkang kabekta dening abdi dalem punika kaparingna dhateng para tiyang ingkang sami ndherek panjenengan dalem.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan