18 Bareng Ibu Akhsa mau wus rawuh, sing kakung banjur diojok-ojoki supaya nyuwun pategalan marang ramane. Ibu Akhsa tumuli mandhap saka ing kuldine, Rama Kaleb ndangu: “Ana apa?”
Atur wangsulane Ibu Akhsa: “Kula nyuwun kaparingana ganjaran; kula sampun panjenengan paringi siti ingkang cengkar, nyuwun kaparingana sumber ugi.” Banjur diparingi sumber ing tenggeran lan ing ledhokan.
Nalika Ibu Akhsa mau kapanggihake tumuli ngojok-ojoki kang kakung supaya nyuwun pategalan marang kang rama. Ibu Akhsa banjur mandhap saka ing kuldine. Pandangune Rama Kaleb: “Ana apa?”