Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 15:17 - Kitab Sutji

17 Kutha mau banjur dibedhah dening Sang Otniel, putrane Sang Kenas, sadhereke Rama Kaleb, mulane Rama Kaleb banjur maringake Akhsa, putrane putri, marang panjenengane dadi garwane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 15:17
9 Iomraidhean Croise  

Ibu Maakha uga peputra Saaf, ramane Madmana lan Sewa, ramane Makhbena lan ramane Gibea. Putrane Rama Kaleb kang putri asma Akhsa.


Kang kaping rolas kanggo ing sasi karolas yaiku Sang Heldai, wong ing Netofa, turune Otniel, dene golongane wonge ana patlikur ewu.


Para putrane Rama Kenas yaiku Otniel lan Seraya; lan para putrane Rama Otniel yaiku Hatat lan Meonotai;


kajaba mung Kaleb bin Yefune wong Kenas lan Yusak bin Nun, marga sakarone iku padha mbangun turut marang Yehuwah.


Wong bani Yehuda padha sowan marang ing ngarsane Senapati Yusak ana ing Gilgal. Ing nalika iku Kaleb bin Yefune, wong Kenas matur marang panjenengane: “Panjenengan sampun nguningani pangandikanipun Sang Yehuwah dhateng Nabi Musa, abdinipun Pangeran, ing ngatasipun kula sami ugi kados tumrap panjenengan wonten ing Kadesy-Barnea.


Rama Kaleb nuli ngandika mangkene: “Sing sapa nggempur kutha Kiryat-Sefer nganti bisa bedhah, bakal dakpek mantu dakolehake anakku wadon Akhsa.”


Lan kutha mau tumuli dibedhah dening Sang Otniel, putrane Sang Kenas, rayine Rama Kaleb, banjur iya ditrimani Ibu Akhsa, putrine mau, dadi garwane.


Nagara kono tumuli tentrem, lawase patang puluh taun. Wasana Sang Otniel putrane Sang Kenas banjur seda.


Wong Israel nuli padha sesambat marang Sang Yehuwah, Pangeran Yehuwah tumuli maringi juru pangluwaran, yaiku Sang Otniel, putrane Sang Kenas, rayine Rama Kaleb.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan