Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 15:14 - Kitab Sutji

14 Lan rama Kaleb nundhung wong Enak telu saka ing kono yaiku: Sesai, Ahiman lan Talmai, anak-anake Enak.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 15:14
9 Iomraidhean Croise  

Yisbi-Benob, kang kagolong turune wong kang ngedab-edabi gedhe dhuwure – boboting tumbake telung atus sekel tembaga lan nyengkelit pedhang kang anyar – ngira bisa nyedani Prabu Dawud.


Wonten ing ngriku kula inggih sami ningali tiyang-tiyang ingkang ageng inggil nggegirisi, tiyang Enak ingkang asalipun saking tiyang-tiyang pangawak redi, saha kula ningali badan kula piyambak sami kadosdene walang, sarta tiyang punika anggenipun ningali kula inggih makaten.”


bangsa kang gedhe lan dhuwur dedeg-pangadege, wong Enak kang wus koksumurupi lan kokrungu kaloke: Sapa kang bisa menang karo wong Enak?


Nalika samana Senapati Yusak rawuh numpes wong Enak ing pagunungan Hebron, ing Debir, ing Arab, ing sawratane pagunungan Yehuda, lan ing sawratane pagunungan Israel. Iku kabeh dalah kutha-kuthane padha katumpes dening Senapati Yusak.


Ora ana bangsa Enak kang isih ana ing nagarane wong Israel, kejaba mung kang ana ing Gaza, ing Gat lan Asdod, ing kono kang isih ana.


Yehuda tumuli nglurugi wong Kanaan kang manggon ana ing Hebron – jenenge Hebron biyen Kiryat-Arba – sarta ngesorake Sesai, Ahiman lan Talmai.


Hebron iku wus kaparingke marang Rama Kaleb kayadene kang biyen wus kadhawuhake Nabi Musa. Rama kaleb banjur nundhungi turune Enak tetelu saka ing kono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan