Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 15:13 - Kitab Sutji

13 Anadene Rama Kaleb bin Yefune iku diparingi dening Sang Yusak panduman ana ing tengahe bani Yehuda, yaiku Kiryat-Arba, ngetrepi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Yusak; Arba iku bapakne Enak, yaiku Hebron.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 15:13
18 Iomraidhean Croise  

Rama Abram nuli mbedholi tarube kabekta tindak, wasana manggen ing cedhak alas tarbantin ing Mamre caket karo Hebron, ana ing kono banjur yasa misbyah konjuk marang Sang Yehuwah.


Ibu Sara banjur seda ana ing Kiryat-Arba, yaiku Hebron ing tanah Kanaan. Rama Abraham tumuli lumebet lan ngadhuh-adhuh sarta muwuni Ibu Sara.


Sang Dawud banjur munjuk pitakon marang Pangeran Yehuwah, ature: “Kawula punapa Paduka karsakaken bidhal dhateng salah satunggaling kitha ing Yehuda?” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mangkata!” Senapati Dawud nuli matur: “Kawula kadhawuhan dhateng pundi?” Pangandikane Sang Yehuwah: “Menyanga ing Hebron!”


nanging pategalane kutha kono sadesa-desane wus kapasrahake marang Rama Kaleb bin Yefune.


Zora, Ayalon lan Hebron, kang dumunung ana ing Yehuda lan ing Benyamin, padha kadadekake kuta-beteng.


Ing kono Kaleb banjur mbudi-daya nentremake atine wong sabangsa ana ing ngarsane Nabi Musa, pangucape: “Boten! Kula sadaya sami badhe majeng nglurug, ngejegi nagari punika, margi temtu badhe kita kawonaken!”


saka taler Yehuda: Kaleb bin Yefune;


Nalika samana Senapati Yusak rawuh numpes wong Enak ing pagunungan Hebron, ing Debir, ing Arab, ing sawratane pagunungan Yehuda, lan ing sawratane pagunungan Israel. Iku kabeh dalah kutha-kuthane padha katumpes dening Senapati Yusak.


Wong Israel nuli nyengker kutha-kutha kang kadadekake kutha pangungsen, yaiku: Kadesy, ing tanah Galilea, ing pagunungan Naftali, lan Sikhem, ing pagunungan Efraim, lan Kiryat-Arba yaiku Hebron, ing pagunungan Yehuda.


iku padha dipasrahi Kiryat-Arba, yaiku Hebron, – Arba iku leluhure suku Enak, – ana ing pagunungan Yehuda, dalah pangonane sakubenge;


Yehuda tumuli nglurugi wong Kanaan kang manggon ana ing Hebron – jenenge Hebron biyen Kiryat-Arba – sarta ngesorake Sesai, Ahiman lan Talmai.


Hebron iku wus kaparingke marang Rama Kaleb kayadene kang biyen wus kadhawuhake Nabi Musa. Rama kaleb banjur nundhungi turune Enak tetelu saka ing kono.


Ana dene jenenge Nabal lan somahe Abigail. Wong wadon iku limpad ing budi lan ayu rupane, nanging sing lanang iku kasar lan wateke ala. Wong iku turune Kaleb.


Kula mentas sami nggepuk Tanah Negeb gadhahanipun tiyang Kreti tuwin daerah Yehuda saha Tanah Negeb Kaleb, lan Ziklag sampun kula besmi ngantos telas.”


kang ana ing Hebron lan ing panggonane Sang Dawud nglembara karo balane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan