Saben panggonan kang kokambah iku bakal dadi duwekmu, wiwit saka ing pasamunan nganti tumeka ing pagunungan Libanon, lan saka ing bengawan, yaiku bengawan Efrat, tumeka ing sagara sisih kulon, iku bakal dadi tlatahmu.
wates mau nuli mangalor menyang ing ereng-erenge gunung Ekron, terus mlengkung menyang ing Sikhron terus menyang ing gunung Baala lan metu ing sacedhake Yabneel, temahan wates mau anjog ing sagara.
Asdod karo sakehe kutha lan desa-desa wewengkone, Gaza karo sakehe kutha lan desa wewengkone, nganti tutug ing kali ing tanah Mesir, ing Sagara Gedhe lan pasisire.