Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 15:11 - Kitab Sutji

11 wates mau nuli mangalor menyang ing ereng-erenge gunung Ekron, terus mlengkung menyang ing Sikhron terus menyang ing gunung Baala lan metu ing sacedhake Yabneel, temahan wates mau anjog ing sagara.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 15:11
15 Iomraidhean Croise  

Nabi Elia nuli matur marang Sang Prabu: “Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Ing sarehne sira wus kongkonan njaluk pituduh marang Baal-Zebub, allah ing Ekron, kaya-kaya ing Israel ora ana Allah kang kena kasuwunan pitedahe, mulane sira ora bakal tangi maneh saka ing paturon, kang sira turoni, amarga sira mesthi bakal mati.”


Unjuke marang Sang Prabu: “Wonten tiyang ingkang nyegat dhateng kawula, kawula sami dipun cariyosi: Padha balia marang ing ngarsane ratu kang ngutus kowe lan munjuka: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Apa ing Israel ora ana Gusti Allahe, dene sira nganti utusan miterang marang Baal-Zebub, allah ing Ekron? Awit saka iku sira ora bakal tangi maneh saka ing paturon kang sira turoni, amarga sira mesthi bakal mati.”


Sang Prabu nglurug perang nglawan wong Filisti lan nggempur tembok Gat, Yabne sarta Asdod, banjur ngedegake kutha-kutha ana ing sakubenge Asdod tuwin ing wilayahe wong Filisti liyane.


Mungguh tapel-watese tanahira kang sisih kulon sagara gedhe dalah pasisire, yaiku kang dadi tapel-watesira kang sisih kulon.


Wates iku nuli menggok saka ing Baala mengulon ngener ing pagunungan Seir, terus ngalor menyang ing ereng-erenge gunung Yearim, yaiku ing Khesalon, medhun menyang Bet-Semes, terus menyang ing Timna,


Mungguh wates kulon yaiku Sagara Gedhe lan pasisire. Iku mau tapel-watese tlatahe wong bani Yehuda ing saubenge miturut gotrahe dhewe-dhewe.


Ekron lan sakehe kutha sarta desa wewengkone.


Saka ing pucake gunung mau watese mlengkung menyang ing sendhang Me-Neftoakh lan banjur tutug ing kutha-kuthane pagunungan Efron, saka ing kono mlengkung menyang ing Baala, iya iku ing Kiryat-Yearim.


Sabanjure taler Yehuda ngrebut kutha Gaza sawewengkone lan Askelon sawewengkone, apadene Ekron sawewengkone.


Wong Israel lan wong Yehuda padha gumregah karo surak-surak lan banjur mbujeng wong Filisti nganti tekan ing sacedhake Gat lan gapurane Ekron. Lan wong kang padha dipateni saka panunggalane bangsa Filisti pating glimpang ana ing dalan kang anjog ing Saaraim, tekan ing Gat lan ing Ekron.


Wong-wong iku tumuli padha ngusung pethine Gusti Allah menyang Ekron. Nanging satekane pethine Gusti Allah ing Ekron, wong ing kono padha sesambat, pangucape: “Anggone marakake pethine Gusti Allahe Israel marang kita iku supaya mateni kita lan bangsa kita.”


Mulane padha ngaturi para ratu kuthane wong Filisti sarta pangucape: “Punapa ingkang badhe kita lampahi tumrap pethinipun Gusti Allahipun Israel punika?” Wangsulane para ratu: “Pethine Gusti Allahe Israel kudu dielih menyang Gat.” Dadine padha ngelih pethine Gusti Allahe Israel mau.


lan kutha-kutha kang dirayud dening wong Filisti wis bali marang Israel maneh, wiwit saka ing Ekron tutug ing Gat; lan wong Israel bisa ngrebut tlatah sakubenge saka ing tangane wong Filisti. Wong Israel karo wong Amori padha rukun.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan