Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 15:1 - Kitab Sutji

1 Anadene panduman kang kaundhi kanggo taler Yehuda manut gotrahe iku nganti tekan ing tapel-watese tanah Edom, nganti tekan ing ara-ara samun Zin ing poncot kidul,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 15:1
13 Iomraidhean Croise  

Anake Lea yaiku Ruben pembarepe Yakub, nuli Simeon, Lewi, Yehuda, Isakhar lan Zebulon.


Sang Prabu Suleman ing wektu iku uga banjur nganakake pahargyan ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, Gusti Allah kita, lawase pitung dina, bebarengan karo wong Israel kabeh, sawijining pasamuwan kang gedhe wiwit ing dalan lumebu marang Hamat nganti tekan ing kaline Mesir.


Ing sisih kidul: tapel-watese wiwit saka ing Tamar terus, ngliwati sumber Meriba ing sacedhake Kadhesy, terus nganti tekan kali Mesir, banjur terus nganti tekan ing sagara gedhe. Yaiku tapel-watese ing sisih kidul, adu wates karo Negeb.


Adu wates karo wilayahe Ruben, wiwit saka tapel-wates wetan nganti tekan tapel-wates kulon, iku bageane Yehuda.


Ing ngriku kawula lajeng sesambat dhateng Pangeran Yehuwah, saha Sang Yehuwah nyembadani panyuwun kawula, lajeng ngutus malaekat ingkang nuntun kawula sadaya saking tanah Mesir. Sapunika kawula sami wonten ing Kadesy, nagari ingkang kaprenah wonten ing tapel-watesipun talatah paduka.


saka ing Yerusalem, saka ing tanah Idumea, saka ing sabrange bengawan Yarden, apadene saka ing tlatahe Tirus lan Sidon iya akeh kang padha sowan, awit wis padha krungu bab apa kang katindakake dening Panjenengane kabeh.


iku marga sira ngowahi kasetyanira marang Ingsun ana ing satengahe wong Israel ing sacedhake sumber Meriba ing Kadesy, ing pasamunan Zin, lan marga sira ora nucekake Ingsun ana ing satengahe wong Israel.


sarana ngundhi tanah-pusaka iku, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah lumantar Nabi Musa ing ngatase taler kang sanga satengah.


watese kang kidul iku wiwit saka ing poncote Telaga Asin, saka ing teluk kang madhep mangidul,


Sawise iku tanahe kaperanga dadi pitung panduman. Taler Yehuda tetepa ana ing tlatahe kang kidul lan bani Yusup iya tetepa ana ing tlatahe kang lor.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan