Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 14:9 - Kitab Sutji

9 Kala semanten Nabi Musa supaos, pangandikanipun: Satemene bumi kang wus kaambah ing sikilmu iku mesthi dadi tanah pusakamu ing salawas-lawase turun-tumurun, amarga kowe tetep mantep marang Sang Yehuwah Gusti Allahmu kanthi gumolonging ati.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 14:9
8 Iomraidhean Croise  

Amarga wong laku ala mesthi bakal katumpes, nanging wong kang nganti-anti marang Sang Yehuwah iku bakal padha oleh warisan bumi.


kang diliwati dhisik tanah Negeb, banjur tekan ing Hebron; Ahiman, Sesai lan Talmai, turune Enak padha manggon ing kono. Mungguh madege Hebron iku luwih dhisik pitung taun tinimbang Soan ing tanah Mesir.


kajaba mung Kaleb bin Yefune kang bakal ndeleng, lan iku saanak-putune kang bakal Sunparingi nagara kang wus diidak iku, marga wus ngantepi pambangun-turute marang Pangeran Yehuwah.


Saben panggonan kang kokambah iku bakal dadi duwekmu, wiwit saka ing pasamunan nganti tumeka ing pagunungan Libanon, lan saka ing bengawan, yaiku bengawan Efrat, tumeka ing sagara sisih kulon, iku bakal dadi tlatahmu.


Saben panggonan kang bakal kaencikan ing tlapakanira iku wus Sunparingake marang sira kabeh, kaya kang dadi pangandikaningSun marang Musa.


Lah sapunika Sang Yehuwah sampun ngreksa gesang kula ngetrepi ing prasetyanipun. Sapunika sampun kawandasa gangsal taun, wiwit rikala Sang Yehuwah ngandika makaten wau dhateng Nabi Musa, saha ing sadangunipun punika tiyang Israel nglembara wonten ing ara-ara samun. Lah punika kula sampun umur wolung dasa gangsal taun.


Hebron iku wus kaparingke marang Rama Kaleb kayadene kang biyen wus kadhawuhake Nabi Musa. Rama kaleb banjur nundhungi turune Enak tetelu saka ing kono.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan