8 Nanging para sadherek kula ingkang sami tumut lampah kula sami damel pepesing manahipun tiyang sabangsa; ewadene kula tetep mantep dhateng Pangeran Yehuwah Gusti Allah kula, kanthi gumolonging manah.
Mung abdiningSun Kaleb, sarehne kadunungan budi kang beda karo liyane, sarta mantep anggone ndherek marang Ingsun, iku bakal Sunbekta lumebu ing tanah kang wus kelakon didlajahi, lan turune bakal padha ngebeki.
Kita banjur arep menyang ing ngendi? Sadulur-sadulurku wus padha gawe remuking atiku srana ngucap mangkene: Bangsa ing kono iku cacahe akeh, dedege ngungkuli aku, kutha-kuthane gedhe-gedhe lan balowartine sundhul ing langit, karodene aku iya padha ndeleng wong bani Enak ana ing kono.
kajaba mung Kaleb bin Yefune kang bakal ndeleng, lan iku saanak-putune kang bakal Sunparingi nagara kang wus diidak iku, marga wus ngantepi pambangun-turute marang Pangeran Yehuwah.
Yaiku jalarane Hebron banjur dadi tanah-pusakane Kaleb, bin Yefune, wong Kenas iku, turun-tumurun nganti saprene, mulane mangkono amarga tetep mantep marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kanthi gumolonging ati.
Yaiku wong kang ora padha njemberake awake karo wong wadon, amarga padha murni kaya prawan. Iku kang padha ndherekake Sang Cempe ing satindak-tindake. Yaiku kang padha katebus saka ing antarane manungsa minangka kurban wiwitan sumaos marang Gusti Allah lan marang Sang Cempe.