Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 14:6 - Kitab Sutji

6 Wong bani Yehuda padha sowan marang ing ngarsane Senapati Yusak ana ing Gilgal. Ing nalika iku Kaleb bin Yefune, wong Kenas matur marang panjenengane: “Panjenengan sampun nguningani pangandikanipun Sang Yehuwah dhateng Nabi Musa, abdinipun Pangeran, ing ngatasipun kula sami ugi kados tumrap panjenengan wonten ing Kadesy-Barnea.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 14:6
30 Iomraidhean Croise  

Nalika Sang Prabu Yerobeam lagi jumeneng ana ing misbyah kambi mbesmi kurban, banjur ana sawijining abdine Pangeran Yehuwah kang teka ing Betel saka ing Yehuda.


bapakne nuli nunggang lan mangkat nututi abdining Allah mau sarta kepranggul lagi lungguh ana ing sangisoring wit gedhe. Banjur ditakoni: “Punapa panjenengan abdining Allah ingkang rawuh saking Yehuda?” Wangsulane: “Inggih kula punika.”


Nabi Elisa ngandika: “Ing taun ngarep pendhake mangsa mangkene, kowe bakal mondhong anak lanang.” Nanging atur wangsulane wong wadon mau: “Sampun ta bendara kula, dhuh abdining Allah! Sampun ngandika ingkang boten nyata dhateng abdi panjenengan punika!”


Tumuli ana wong teka saka ing Baal-Salisa nggawa roti wiwitaning panenan kagem abdining Allah, yaiku roti sair rong puluh lan gandum anyar kawadhahan ing kanthong. Nabi Elisa banjur ngandika: “Iku wenehna marang wong-wong iki, cikben padha mangan.”


Wong wadon mau tutur marang bojone: “Sajatosipun kula sampun mangretos, manawi tiyang ingkang temtu mampir mriki punika abdining Allah ingkang suci.


Nabi Elisa nuli mandeng mangarep nganti suwe, wasana abdining Allah iku banjur muwun.


Kacarita Nabi Elisa rawuh ing kutha Damsyik. Nalika iku Sang Prabu Benhadad, ratu ing nagara Aram pinuju gerah. Bareng Sang Prabu dicaosi uninga: “Abdining Allah sampun rawuh mriki.”


Para putrane Nabi Musa, Abdining Allah, digolongake suku Lewi.


Pandongane Nabi Musa, abdine Allah. Dhuh Pangeran, Paduka punika dados pangungsen kawula turun-tumurun.


Aku ngirid wong-wong iku menyang ing padalemane Sang Yehuwah, menyang ing kamare para anake Hanan bin Yigdalya, abdining Allah; iya iku kamar ing sandhinge kamare para panggedhe ing sadhuwuring kamare Maaseya bin Salum, jaga-gapura.


tumuli terus sowan marang ngarsane Nabi Musa, Imam Harun lan sagolonganing pasamuwane wong Israel ana ing Kadesy ing pasamunan Paran, ngaturi pratela marang panjenengane lan marang wong sapasamuwan kabeh, klawan padha dituduhi pametune tanah.


Ing kono Kaleb banjur mbudi-daya nentremake atine wong sabangsa ana ing ngarsane Nabi Musa, pangucape: “Boten! Kula sadaya sami badhe majeng nglurug, ngejegi nagari punika, margi temtu badhe kita kawonaken!”


saka taler Yehuda: Kaleb bin Yefune;


Mung abdiningSun Kaleb, sarehne kadunungan budi kang beda karo liyane, sarta mantep anggone ndherek marang Ingsun, iku bakal Sunbekta lumebu ing tanah kang wus kelakon didlajahi, lan turune bakal padha ngebeki.


Sira bakal padha ora kelakon lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos yen bakal padha sira enggoni, kajaba mung Kaleb bin Yefune lan Yusak bin Nun.


nanging Yusak bin Nun lan Kaleb bin Yefune, panunggalane kang wus padha nelik tanah iku, padha nyuwek sandhangane,


Marga Pangeran Yehuwah wus ngandika: “Iku mesthi bakal padha mati ana ing pasamunan.” Dene panunggalane ora ana kang isih urip kajaba mung Kaleb bin Yefune lan Yusak bin Nun.


kajaba mung Kaleb bin Yefune wong Kenas lan Yusak bin Nun, marga sakarone iku padha mbangun turut marang Yehuwah.


Iki berkah kang kaparingake dening Nabi Musa abdine Gusti Allah marang wong Israel sadurunge seda;


Ing sabanjure wus ora ana nabi maneh kang jumeneng ing antarane Israel kang madhani Nabi Musa, kang ditepangi dening Pangeran Yehuwah aben-ajeng,


Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah banjur seda ana ing kono, ing tanah Moab, miturut pangandikane Pangeran Yehuwah.


Nanging kowe, heh, manungsaning Allah, ngedohana iku kabeh, ngaraha marang kaadilan, kamursidan, kasetyan, katresnan, kasabaran lan budi sareh.


Marga saka mangkono saben wong kagungane Gusti Allah iku disamektani kanggo nindakake samubarang kang becik.


Sawuse mangkono Senapati Yusak banjur kondur menyang ing pakemahan ing kutha Gilgal, kadherekake dening wong Israel kabeh.


Yaiku jalarane Hebron banjur dadi tanah-pusakane Kaleb, bin Yefune, wong Kenas iku, turun-tumurun nganti saprene, mulane mangkono amarga tetep mantep marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kanthi gumolonging ati.


Kutha mau banjur dibedhah dening Sang Otniel, putrane Sang Kenas, sadhereke Rama Kaleb, mulane Rama Kaleb banjur maringake Akhsa, putrane putri, marang panjenengane dadi garwane.


Bangsa mau anggone mentas saka ing bengawan Yarden mbeneri tanggal ping sepuluh sasi kapisan; banjur padha lereb ana ing Gilgal, ing tapel-watese Yerikho kang sisih wetan.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan