3 Amarga taler kang loro satengah iku wus padha diparingi tanah-pusaka dening Nabi Musa ana ing sabrange bengawan Yarden; mung wong Lewi kang padha ora diparingi tanah-pusaka ana ing tengahe.
“Manawa sira padha mbage-mbage nagara iku dadi tanah-pusakanira kanthi patrap kaundhi, sira mligekna saperanganing tanah iku dadi pisungsung mligi kang suci kagem Sang Yehuwah, dawane salawe ewu asta lan ambane rong puluh ewu asta. Tanah kang ana ing jerone wates iki kabeh iku suci.
Iku wus padha dikalahake Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah, karo wong Israel, lan tanah iku banjur diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah marang wong Ruben lan wong Gad lan saparone taler Manasye minangka darbeke.
Mung taler Lewi kang ora kaparingan tanah-pusaka, Sang Yehuwah Gusti Allahe Israel, iku kang dadi pusaka darbeke, kaya kang wus dijanjekake marang dheweke kabeh.
tlatah pandumane wiwit ing Aroer ing pinggiring kali Arnon kutha kang kaprenah ana ing saparone kali iku, sarta tanah warata ing pagunungan sacedhake Medeba kabeh;
Bebarengan karo taler Manasye kang separone, wong Ruben lan wong Gad, wus padha kaparingan tanah-pusaka dening Nabi Musa ana ing sabrangane kali Yarden sisih wetan, kaya kang wus katemtokake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah, kanggo wong-wong mau,