“Manawa sira padha mbage-mbage nagara iku dadi tanah-pusakanira kanthi patrap kaundhi, sira mligekna saperanganing tanah iku dadi pisungsung mligi kang suci kagem Sang Yehuwah, dawane salawe ewu asta lan ambane rong puluh ewu asta. Tanah kang ana ing jerone wates iki kabeh iku suci.
Anadene anggonira mbage-mbage tanah iku kang banjur dadi tanah pusakanira iku nganggoa kaundhi, miturut golonganira: golongan kang gedhe, iku kapandumana akeh, lan kang cilik iku pandumane iya sathithik, miturut undhiane; pangedume miturut talering para leluhurira.
Nabi Musa banjur dhawuh marang wong Israel: “Iku mau tanah kang bakal dadi duwekira srana kaundhi, kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah supaya kaparingna marang taler kang sanga satengah iku.
Tumuli Sang Nata bakal ngandika marang kang ana tengene: Heh, para kang binerkahan dening RamaningSun, mara, padha tampanana warisan Kraton, kang wis kacawisake marang sira wiwit dumadining jagad.
Senapati Yusak banjur nguncalake undhi kanggo wong-wong mau ana ing Silo ana ing ngarsane Pangeran Yehuwah, sarta tanahe didum-dum Sang Yusak kanggo Israel ana ing kono miturut pandumane dhewe-dhewe.
Kowe padha nyathetana kaanane nagara iku dadi pitung panduman, cathetane iku banjur gawanen mrene, nuli aku bakal nguncalake undhi kanggo kowe ana ing kene ana ing ngarsane Sang Yehuwah, Gusti Allah kita.