15 Dene Hebron iku biyen jenenge Kiryat-Arba; Arba iku arane wong kang linuwih gedhene ana ing antarane wong Enak. Lan nagara iku banjur tentrem, wus ora ana perang.
Yakub banjur sowan ing ngarsane kang Rama Iskak, ana Mamre ing sacedhake Kiryat-Arba, iya iku Hebron, panggonan palerebane Rama Abraham lan Rama Iskak anggone padha dadi wong neneka.
Banjur pangandikane maneh: “Kowe mranaa, tilika kaslametane sadulur-sadulurmu lan kaslametane raja-kaya, mengko aku kandhanana!” Mangkono Rama Yakub anggone utusan Yusuf saka ing lebake Hebron lan banjur wis tekan ing Sikhem.
Mungguh papan panggonan ing dhaerah pategalan bani Yehuda ana saperangan kang manggon ing Kiryat-Arba lan sawewengkone, ing Dibon lan sawewengkone sarta ing Yekabzeel lan desa-desane.
Mangkono anggone Senapati Yusak nelukake satlatahe tanah iku kabeh condhong karo dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa. Nagara iku diparingake dening Senapati Yusak marang Israel dadi warisan pusaka miturut pandumane talere dhewe-dhewe. Nagara kono banjur dadi tentrem, wus mari perang.
Yaiku jalarane Hebron banjur dadi tanah-pusakane Kaleb, bin Yefune, wong Kenas iku, turun-tumurun nganti saprene, mulane mangkono amarga tetep mantep marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kanthi gumolonging ati.
Anadene Rama Kaleb bin Yefune iku diparingi dening Sang Yusak panduman ana ing tengahe bani Yehuda, yaiku Kiryat-Arba, ngetrepi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Yusak; Arba iku bapakne Enak, yaiku Hebron.
Hebron iku wus kaparingke marang Rama Kaleb kayadene kang biyen wus kadhawuhake Nabi Musa. Rama kaleb banjur nundhungi turune Enak tetelu saka ing kono.
Kados makaten anggenipun sakathahing mengsah Paduka, badhe sirna, dhuh Yehuwah! Nanging wong kang nresnani Panjenengane iku pindha surya kang mlethek kalawan kamulyane. Nagara kono tumuli tentrem patang puluh taun lawase.
Kaya mangkono mau wong Midian anggone padha teluk marang wong israel sarta padha ora bisa ndengengek maneh; nagarane tumuli tentrem ing jamane Sang Gidheon, lawase patang puluh taun.