Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 14:14 - Kitab Sutji

14 Yaiku jalarane Hebron banjur dadi tanah-pusakane Kaleb, bin Yefune, wong Kenas iku, turun-tumurun nganti saprene, mulane mangkono amarga tetep mantep marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kanthi gumolonging ati.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 14:14
9 Iomraidhean Croise  

Banjur pangandikane maneh: “Kowe mranaa, tilika kaslametane sadulur-sadulurmu lan kaslametane raja-kaya, mengko aku kandhanana!” Mangkono Rama Yakub anggone utusan Yusuf saka ing lebake Hebron lan banjur wis tekan ing Sikhem.


bin Etani bin Zerah bin Adaya


Nanging paduka sadaya punika, sami kawula aturi santosa ing panggalih, sampun ngantos sami kendho, amargi paduka sami kacawisan pituwas!”


saka taler Yehuda: Kaleb bin Yefune;


Mulane para sadulurku kang kinasih, kowe padha dibakuh, ditanpa gingsir, lan tansah di sregep anggonmu nglakoni ayahane Gusti! Awit kowe padha sumurup, yen ana ing patunggilaning Gusti, kangelanmu mesthi ora muspra.


Mangkono anggone Senapati Yusak nelukake satlatahe tanah iku kabeh condhong karo dhawuhe Sang Yehuwah marang Nabi Musa. Nagara iku diparingake dening Senapati Yusak marang Israel dadi warisan pusaka miturut pandumane talere dhewe-dhewe. Nagara kono banjur dadi tentrem, wus mari perang.


Senapati Yusak tumuli mberkahi Kaleb bin Yefune sarta diparingi Hebron dadi tanah-pusakane.


Dene Hebron iku biyen jenenge Kiryat-Arba; Arba iku arane wong kang linuwih gedhene ana ing antarane wong Enak. Lan nagara iku banjur tentrem, wus ora ana perang.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan