Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 14:13 - Kitab Sutji

13 Senapati Yusak tumuli mberkahi Kaleb bin Yefune sarta diparingi Hebron dadi tanah-pusakane.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 14:13
16 Iomraidhean Croise  

Rama Yakub tumuli nyuwunake berkah Sang Prabu Pringon; sawuse iku banjur mundur saka ngarsane Sang Prabu Pringon.


Sang Yusuf tumuli uga ngirid kang Rama Yakub sowan ing ngarsane Sang Prabu Pringon. Rama Yakub nyuwunake berkah Sang Prabu Pringon.


Sang Dawud banjur munjuk pitakon marang Pangeran Yehuwah, ature: “Kawula punapa Paduka karsakaken bidhal dhateng salah satunggaling kitha ing Yehuda?” Pangandikane Sang Yehuwah: “Mangkata!” Senapati Dawud nuli matur: “Kawula kadhawuhan dhateng pundi?” Pangandikane Sang Yehuwah: “Menyanga ing Hebron!”


Rama Eleazar peputra Pinehas; Rama Pinehas peputra Abisua,


Mungguh papan panggonan ing dhaerah pategalan bani Yehuda ana saperangan kang manggon ing Kiryat-Arba lan sawewengkone, ing Dibon lan sawewengkone sarta ing Yekabzeel lan desa-desane.


Nanging mung dheweke kang dadi manukku dara, idham-idhamanku, putrane ibune kang ora ana tunggale, kang kinasihan dening kang nglairake, para putri padha ndeleng lan ngarani begja, para prameswari lan para ampil padha ngalembana.


Yaiku jalarane Hebron banjur dadi tanah-pusakane Kaleb, bin Yefune, wong Kenas iku, turun-tumurun nganti saprene, mulane mangkono amarga tetep mantep marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe, kanthi gumolonging ati.


Anadene Rama Kaleb bin Yefune iku diparingi dening Sang Yusak panduman ana ing tengahe bani Yehuda, yaiku Kiryat-Arba, ngetrepi dhawuhe Pangeran Yehuwah marang Sang Yusak; Arba iku bapakne Enak, yaiku Hebron.


Senapati Yusak banjur paring berkah marang wong mau sarta padha dililani mulih, tumuli padha mulih menyang kemahe.


Hebron iku wus kaparingke marang Rama Kaleb kayadene kang biyen wus kadhawuhake Nabi Musa. Rama kaleb banjur nundhungi turune Enak tetelu saka ing kono.


Wangsulane Imam Eli: “Mundura kanthi tentrem rahayu, lan muga-muga Gusti Allahe Israel minangkani panyuwunmu.”


Kula mentas sami nggepuk Tanah Negeb gadhahanipun tiyang Kreti tuwin daerah Yehuda saha Tanah Negeb Kaleb, lan Ziklag sampun kula besmi ngantos telas.”


kang ana ing Hebron lan ing panggonane Sang Dawud nglembara karo balane.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan