Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 14:12 - Kitab Sutji

12 Milanipun kula mugi panjenengan paringi pareden, ingkang sampun kajanjekaken Sang Yehuwah kala samanten; panjenengan piyambak kala samanten rak sampun mindhanget pawartos, bilih ing ngriku dipun enggeni bangsa Enak, saha wonten kithanipun ingkang ageng-ageng santosa. Bokmanawi Sang Yehuwah karsa nunggil kaliyan kula, temah sami kenging kula tundhung kados ingkang sampun kapangandikakaken Sang Yehuwah.”

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 14:12
21 Iomraidhean Croise  

Bokmanawi Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, sampun midhanget sakathahing tembungipun priyagung juru pangunjukan, utusanipun ratu ing Asyur, gustinipun, ingkang kadhawuhan ngawon-awon Gusti Allah ingkang gesang, satemah Pangeran Yehuwah badhe paring paukuman margi saking tetembungan ingkang sampun dipun piyarsakaken. Milanipun panjenengan karsaa ngunjukaken pandonga kangge kekantunan ingkang taksih wonten punika!”


Sang Prabu Asa nuli nyebut marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, unjuke: “Dhuh Yehuwah, kajawi Paduka boten wonten sanesipun malih ingkang saged mitulungi ingkang ringkih nglawan ingkang kiyat. Paduka mugi karsaa mitulungi kawula sadaya, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, amargi kawula sami sumendhe dhumateng Paduka sarta anggen kawula sami majeng nglawan wadya-bala ingkang ageng punika mawi asma Paduka. Dhuh Yehuwah, Paduka punika Gusti Allah kawula sadaya. Paduka sampun ngantos marengaken manungsa gadhah kakiyatan kangge nglawan Paduka!”


Bangsa sanes sampun sami Paduka tundhung piyambak kalayan asta Paduka, nanging para leluhur sami Paduka tanem, suku-suku bangsa sami Paduka damel sangsara, nanging para leluhur sami paduka dadosaken tangkar-tumangkar.


Punapa sanes Paduka dhuh Allah, ingkang sampun nampik kawula, sarta boten majeng, dhuh Allah, sareng kalayan bala kawula?


Amung kemawon bangsa ingkang ngenggeni nagari punika sami prakosa, saha kitha-kithanipun kiyat santosa saha langkung dening ageng, punapa malih wonten ing ngriku kula inggih sami sumerep turunipun Enak.


Wonten ing ngriku kula inggih sami ningali tiyang-tiyang ingkang ageng inggil nggegirisi, tiyang Enak ingkang asalipun saking tiyang-tiyang pangawak redi, saha kula ningali badan kula piyambak sami kadosdene walang, sarta tiyang punika anggenipun ningali kula inggih makaten.”


Pangeran Yehuwah nuli ngandika marang Nabi Musa: “Sira aja wedi karo wong iku, marga iku Sunulungake ing tanganira dalah rakyate kabeh apadene nagarane. Kabeh iku sira etrapana kaya anggonira wus ngetrapi marang Sihon ratune wong Amori kang manggon ana ing Hesybon.”


Kang iku apa kang bakal kita gunem tumrap kabeh mau? Manawa Gusti Allah ana ing pihak kita, sapa kang bakal nglawan kita?


Kita banjur arep menyang ing ngendi? Sadulur-sadulurku wus padha gawe remuking atiku srana ngucap mangkene: Bangsa ing kono iku cacahe akeh, dedege ngungkuli aku, kutha-kuthane gedhe-gedhe lan balowartine sundhul ing langit, karodene aku iya padha ndeleng wong bani Enak ana ing kono.


“He wong Israel, rungokna. Saiki kowe bakal nyabrang bengawan Yarden, arep lumebu sarta ngenggoni tanahe bangsa-bangsa kang cacahe lan kakuwatane ngungkuli kowe, yaiku kang kutha-kuthane gedhe lan mawa balowarti kang dhuwure nganti sundhul ing langit;


Bab iku ing dina iki kowe paha sumurupa, yen Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iya Panjenengane kang tindak dadi pangiridmu sarta asipat kaya geni memangsa, iya Panjenengane kang bakal numpes sakehe bangsa iku, padha ditelukake ana ing ngarepmu. Kaya mangkono dadine bangsa mau bakal koktundhungi lan bakal enggal koksirnakake, kaya kang wus dadi dhawuhe Sang Yehuwah marang kowe.


Sakehing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengane kang paring kakuwatan marang aku.


kang marga saka pracaya wus nelukake nagara-nagara, nindakake pangadilan, nampani apa kang wis kaprasetyakake, mbungkem cangkeme singa-singa,


Lan rama Kaleb nundhung wong Enak telu saka ing kono yaiku: Sesai, Ahiman lan Talmai, anak-anake Enak.


Hebron iku wus kaparingke marang Rama Kaleb kayadene kang biyen wus kadhawuhake Nabi Musa. Rama kaleb banjur nundhungi turune Enak tetelu saka ing kono.


Pangeran Yonatan ngandika marang abdine kang ngampil gegaman iku: “Payo padha nyabrang nyedhaki bala pangawale wong-wong kang ikuten iku. Bokmanawa Sang Yehuwah nyarirani perang kita, amarga tumrap Sang Yehuwah gampang bae mitulungi, dadia karo wong akeh, dadia karo wong sathithik.”


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan