YUSAK 14:11 - Kitab Sutji11 Kekiyatan kula ing dinten punika taksih ajeg kados nalika kula dipun utus Nabi Musa; sapunika kekiyatan kula taksih sami kemawon kados kekiyatan kula ing wekdal samanten, inggih tumrap ing perang lan kadamel mlebet medal. Faic an caibideil |
Lah sapunika Sang Yehuwah sampun ngreksa gesang kula ngetrepi ing prasetyanipun. Sapunika sampun kawandasa gangsal taun, wiwit rikala Sang Yehuwah ngandika makaten wau dhateng Nabi Musa, saha ing sadangunipun punika tiyang Israel nglembara wonten ing ara-ara samun. Lah punika kula sampun umur wolung dasa gangsal taun.