Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 14:10 - Kitab Sutji

10 Lah sapunika Sang Yehuwah sampun ngreksa gesang kula ngetrepi ing prasetyanipun. Sapunika sampun kawandasa gangsal taun, wiwit rikala Sang Yehuwah ngandika makaten wau dhateng Nabi Musa, saha ing sadangunipun punika tiyang Israel nglembara wonten ing ara-ara samun. Lah punika kula sampun umur wolung dasa gangsal taun.

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 14:10
9 Iomraidhean Croise  

Ana wong kang padha nglambrang ana ing ara-ara samun, ora nemu dalan kang anjog marang ing kutha kang dienggoni ing wong.


Sanadyan ing sandhingmu ana wong kang ambruk sewu, sarta sepuluh ewu ana ing tengenmu, ewadene kowe dhewe ora bakal ketaman;


Sira bakal padha ora kelakon lumebu ing tanah kang wus Sunprasetyakake kalawan supaos yen bakal padha sira enggoni, kajaba mung Kaleb bin Yefune lan Yusak bin Nun.


panunggalane wong kang wus padha nelik tanah, mung Yusak bin Nun lan Kaleb bin Yefune kang padha lestari urip.


Nganti suwe Senapati Yusak anggone perang nglawan ratu iku mau.


Bareng Senapati Yusak wus sepuh, wus akeh yuswane, banjur dipangandikani Sang Yehuwah: “Sira wus tuwa, wus akeh umurira, sarta nagara kang durung sira ebeki iku isih akeh banget.


Kekiyatan kula ing dinten punika taksih ajeg kados nalika kula dipun utus Nabi Musa; sapunika kekiyatan kula taksih sami kemawon kados kekiyatan kula ing wekdal samanten, inggih tumrap ing perang lan kadamel mlebet medal.


Kala semanten Nabi Musa supaos, pangandikanipun: Satemene bumi kang wus kaambah ing sikilmu iku mesthi dadi tanah pusakamu ing salawas-lawase turun-tumurun, amarga kowe tetep mantep marang Sang Yehuwah Gusti Allahmu kanthi gumolonging ati.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan