Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 14:1 - Kitab Sutji

1 Iki kabeh kang ditampani wong Israel minangka tanah-pusakane ana ing tanah Kanaan, kang wus kaedumake marang wong Israel dening Imam Eleazar lan Senapati Yusak bin Nun sarta para panggedhening kulawargane taler-talere,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 14:1
10 Iomraidhean Croise  

bin Abisua bin Pinehas bin Eleazar bin Harun, yaiku Imam Agung Harun.


“Manawa sira padha mbage-mbage nagara iku dadi tanah-pusakanira kanthi patrap kaundhi, sira mligekna saperanganing tanah iku dadi pisungsung mligi kang suci kagem Sang Yehuwah, dawane salawe ewu asta lan ambane rong puluh ewu asta. Tanah kang ana ing jerone wates iki kabeh iku suci.


Nabi Musa banjur dhawuh marang wong Israel: “Iku mau tanah kang bakal dadi duwekira srana kaundhi, kang kadhawuhake dening Pangeran Yehuwah supaya kaparingna marang taler kang sanga satengah iku.


Pangeran Yehuwah ngandika maneh marang Nabi Musa:


Sarta sasampunipun nyirnakaken bangsa pepitu ing tanah Kanaan, Panjenenganipun lajeng mbage-bage tanah wau dhateng leluhur kita kadadosaken tanah pusaka.


Nanging samangsa kowe wus nyabrang bengawan Yarden lan manggon ing tanah kang bakal diparingake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe supaya dadi duwekmu, lan samangsa Panjenengane wus maringi tentrem uwal saka sakehe mungsuh kang ana ing saubengmu, lan kowe wus padha bisa manggon kalawan ayem,


sakehing wong kang manggon ing pagunungan, wiwit saka ing gunung Libanon tutug ing Misrefot-Maim; sakehe wong Sidon, iku bakal Suntundhung piyambak saka ing ngarepe wong Israel; mung bae tanahe sira paringna marang wong Israel sarana kaundhi, kaya kang wus Sundhawuhake marang sira.


Iku mau tanah-pusaka kang padha didum-dumake sarana kaundhi ana ing Silo dening Imam Eleazar lan Senapati Yusak, bin Nun sarta para panggedhening taler ana ing ngarsane Sang Yehuwah, ing ngarepe lawang Tarub-Pasewakan. Mangkono anggone padha ngrampungake pangeduming nagara iku.


Para panggedhening kulawargane wong Lewi banjur padha sowan ing ngarsane Imam Eleazar lan ing ngarsane Senapati Yusak, bin Nun sarta marang ing ngarsane para kepalaning kulawargane taler-taler Israel.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan