9 yaiku wiwit ing Aroer ing sapinggire kali Arnon, lan kutha kang kaprenah ana ing saparone kali iku, sarta saindenging tanah warata ing pagunungan wiwit ing Medeba nganti tutug ing Dibon,
Padha nyabrang ing bengawan Yarden, banjur miwiti saka ing Aroer lan saka ing kutha, kang prenahe ana ing satengahing lebak, kang anjog ing Gad lan Yaezer.
Kang disewa kreta telung puluhloro ewu sarta ratu ing nagara Maakha sawadya-balane, kang banjur padha budhal lan makuwon ing sacedhake Medeba. Uga bani Amon padha nglumpuk saka ing kutha-kuthane lan bakal perang.
Mungguh papan panggonan ing dhaerah pategalan bani Yehuda ana saperangan kang manggon ing Kiryat-Arba lan sawewengkone, ing Dibon lan sawewengkone sarta ing Yekabzeel lan desa-desane.
Putri Dibon munggah ing tengger-tengger pangurbanan prelu muwun; Moab, ngadhuh-adhuh marga saka Nebo lan marga saka Medeba. Kabeh wong padha nggundhuli sirahe ana ing kono lan nyukur jenggote minangka tandhaning kasusahan.
He putri ing Dibon kang wis suwe manggon ana ing kono, lengsera saka ing kaluhuranira lan lungguha ing tlethongan! Amarga juru pangrusak Moab wus mangsah nempuh sira, sarta nyirnakake panggonan-panggonanira kang ana balowartine.
Juru pangrusak bakal nekani saben kutha, ora ana kutha kang bisa oncat! Lebak bakal rinusak, tanah ngare sirna babar pisan, kaya kang dadi pangandikane Sang Yehuwah.
Wong-wong mau padha daktamani gegaman, Hesybon lebur nganti tekan ing Dhibon, lan kita dadekake pasamunan nganti tekan ing Naftali kang gumelar nganti tekan ing Medeba.”
Wiwit saka ing Aroer, kang kaprenah ana ing sapinggire kali Arnon, lan kutha kang ana ing lebak saurute kali, nganti tekan ing tanah Gilead, ora ana kutha siji-sijia kang ora karayud marga saka santosane, awit kabeh diulungake dening Sang Yehuwah, Gusti Allah kita, marang kita.
“Anadene nagara iku nalika samana wus padha kita ejegi, wiwit saka Aroer kang ana ing pinggire kali Arnon, nganti tekan saparone pagunungan Gilead dalasan kutha-kuthane, iku banjur dakwenehake marang bani Ruben lan bani Gad;
Bani Ruben lan bani Gad padha dakwenehi saperangane tanah Gilead tutug ing kali Arnon, yaiku saparone kali iku dalah pinggire, lan ing sisih kana nganti tutug ing kali Yabok, tapel watese tanahe bani Amon;
Sang Prabu Sihon, ratune wong Amori, kang akedhaton ana ing kutha Hesybon, wewengkone wiwit ing Aroer ing pinggiring kali Arnon, ing saparone kali iku, kawuwuhan saparone tanah Gilead, tutug ing kali Yabok, tapel watese dhaerah bani Amon,
tlatah pandumane wiwit ing Aroer ing pinggiring kali Arnon kutha kang kaprenah ana ing saparone kali iku, sarta tanah warata ing pagunungan sacedhake Medeba kabeh;
Bebarengan karo taler Manasye kang separone, wong Ruben lan wong Gad, wus padha kaparingan tanah-pusaka dening Nabi Musa ana ing sabrangane kali Yarden sisih wetan, kaya kang wus katemtokake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah, kanggo wong-wong mau,