Biblia Todo Logo
Bìoball air-loidhne

- Sanasan -




YUSAK 13:8 - Kitab Sutji

8 Bebarengan karo taler Manasye kang separone, wong Ruben lan wong Gad, wus padha kaparingan tanah-pusaka dening Nabi Musa ana ing sabrangane kali Yarden sisih wetan, kaya kang wus katemtokake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah, kanggo wong-wong mau,

Faic an caibideil Dèan lethbhreac




YUSAK 13:8
11 Iomraidhean Croise  

awitdene kula sami boten badhe purun nampeni siti pusaka wonten ing sabranging benawi Yarden ing salajengipun, manawi kula sampun sami angsal panduman wonten ing sawetaning benawi Yarden ngriki.”


Kaya mangkono dadine ing waktu iku kita padha ngrebut nagara ing sabrange kali Yarden saka pamengkuning ratune bangsa Amori loro iku, wiwit saka kali Arnon nganti tumeka ing gunung Hermon;


Iki asmane para ratu ing nagara kang dikalahake dening wong Israel lan kang diejegi nagarane ana ing sabrange bengawan Yarden sisih wetan, wiwit ing kali Arnon tutug ing gunung Hermon sarta saindenging Araba-Yordan sapengetan.


Iku wus padha dikalahake Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah, karo wong Israel, lan tanah iku banjur diparingake dening Nabi Musa, abdine Sang Yehuwah marang wong Ruben lan wong Gad lan saparone taler Manasye minangka darbeke.


Kang iku nagara iki sira edum-edumna marang taler kang sanga lan marang saparoning talere Manasye minangka tanah pusakane.”


yaiku wiwit ing Aroer ing sapinggire kali Arnon, lan kutha kang kaprenah ana ing saparone kali iku, sarta saindenging tanah warata ing pagunungan wiwit ing Medeba nganti tutug ing Dibon,


Anadene saiki Sang Yehuwah Gusti Allahmu wus paring tentrem marang para sedulurmu, kaya kang wus dadi prasetyane; mulane saiki kowe padha muliha menyang kemahmu, iya menyang bumi darbekmu, peparinge Nabi Musa abdine Sang Yehuwah marang kowe ana sabrange bengawan Yarden.


Uga wong bani Ruben lan bani Gad lan saparoning bani Manasye padha nyabrang kalawan asikep gegaman ana ing ngarepe wong Israel, ngetrepi apa kang wus kadhawuhake dening Nabi Musa marang wong-wong mau.


Malah ana wong Ibrani kang nyabrang ing bengawan Yarden ngener tanah Gad lan Gilead, dene Sang Prabu Saul isih ana ing Gilgal, rakyat kabeh padha ndherek kalawan giris.


Lean sinn:

Sanasan


Sanasan